Selasa, 23 September 2014

Cerita sedih ( bag. 2 )

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Siki crita sedih maning..
Tesih pada kemutan cintane kempli aring siti khofsoh??
Kiye sambungane.. Hahaa..

- Pli kenangapa kowe sedih maning..??
...
- Gyeh plu.. Enyong mau mbengi nekad marani maning aring umahe siti khofsoh plu.. Pokoke cintaku urung tergantikan plu..
Enyong mangkat nganggo sarung karo kupluk ben kaya santri.. Maen mbok plu..

- Haha... Maen pli.. Tapi kowe apa wis bisa faseh ngomong siti khofsoh pli??

- Ya methi.. Sewulan enyong latian terus plu.. Karo madang be tetep tesih latian.. Ora ketang upane pada moncrot2.. Ora urusan.. Sing penting bisa ngomong siti kkhhooffssyhohh.. Hahaa.

- Hahaa.. Gujis banget kowe lho.. Lha terus hasile kepriwe pli??

- Critane kayakiye plu, enyong meng umahe ketemu ramane maning.. 'punten pak kyai.. Kulo mriki malih pak kyai / lha kowe sapa?? Ana apa ngeneh maning???/ kulo kemfflii pak kyai.. Bade ketemu siti kkkhhooffsshhoohh../ hahaa.. Apik.. Kowe wis bisa faseh nyebutna jeneng anakku.. Tapi maap mas kemfli.. Kowe urung bisa tek trima.. Kowe nembe nyebutna jeneng anaku be wis muncrat2 nganti sarungku teles.. Apamaning maca qur'an.. Ngalamat banjir musholaku..
Haha.. Njeleih banget mbok plu.. Ngomong faseh salah.. Ora faseh apamaning..

- Hahaaa.. Sing salah kayane lambemu lho pli.. Oalah.. Gujiss gujiss..

Jodoh apike sing ora pengertian

Haahaa.. kemplu karo kempli ndabrul maning...
langsung bae..

- Pli kempli.. gyeh siki gantian enyong sing takon.. jajal menurutmu bocah wadon sing ideal dadi bojo kuwe sing kaya ngapa pli??

- Ya padabae karo kriteriane wong wadon golet wong lanang lah plu.. kudu setia, jujur, gelem ngibadah, pengertian.. iya mbok??
...
- Nah kiye ana sing perlu dicoret pli.. nek cara enyong, wong lanang golet bojo kuwe apike sing aja terlalu pengertian pli..

- Lho kenangapa plu??

- Enyong sing wis pengalaman pli.. contone.. enyong arep alesan lembur padahal arep nglayab.. bojone ngerti bae koh.. hahaa.. asem banget mbok.?? yawis enyong ora sida nglayab..

- Hahaa.. iya yah plu.. berarti apike nggolet sing ora pengertian ya plu??

- Ya methi lah.. contone maning pli.. enyong ngumpetna duit.. padahal wis primpen banget.. anehe ngrti bae koh. jan.. apa ora apes pli..

- Haahaa.. Ya kawus lah... Oalah gujisss maning..

Jodoh ideal

Hahaa... anamaning kiye dabrulane kemplu karo kempli..
langsung bae tiliki ayuh...

- Plu kemplu.. enyong arep takon.. janjane bocah wadon sih nggolet jodo sing kayangapa plu??

- Hahaa.. kowe pas banget takon aring enyong pli. gyeh tek tidokna.. cah wedon kuwe golet jodo wong lanang sing setia, jujur, tanggung jawab, pengertian dan berwibawa.. kayakuwe pli..

 - Hahaa.. kowe mesti arep ngomong wiii bawa mobil.. wiii bawa hp larang.. haha.. iya mbok plu???

- Hahaa.. kowe ngerti bae luh.. anamaning pli.. wiii bawa becak.. hahaa

- Hahaa tulung.. nek nggawa becak ya ora payu plu..

- Husss.. aja salah pli.. jajal bae ngonoh kowe nggawa becak, ngangkut duit sebecak.. tek jamin prawan, randa, tua, nom matane ijo kabeh pli.. hahaa..

- Hahaa... ya karunten alias karuhun.. lha nek gagah penting ora plu??

- Hahaa.. kowe arep gagahe kaya gathutkaca tetep ora ngaruh pli..bocah wadon siki wis pinter2 pli.. wis pada paham, gagah ora kena nggo jaminan utang bank.. nek ora percaya jajal bae nganah kowe meng bank nembung utang, jaminane raimu..

- Hahaa... gujiss gujiss..

Minggu, 14 September 2014

Cekelan

Tangi turu rasane kencot temen yah..
Mbasa tilik pawon jebule kur ana sega karo jangan terong..
Oalahhh.. Bojo.. Bojo.. Kepriben kiye, deneng ora ana gorengan tempe apa krupuk apa apalah nggo cekelan..
Malah bojone goleh semaur 'rika maning.. Jam ayawene ribut madang..'
haha.. Mulane mbiyen nek sekolah dirungokna ya jo bojo.. Mbok ana parikan 4 sehat 5 sempurna, dadi lawuhe kudu komplit, mangane sedina ping 4, nek kepengin sempurna ya ping 5.. sing penting juga kudu ana cekelane, kayakuwe lho bojoku sing ayu dewekkkk..
Hehe.. Yawis ora usah brisik bae, giyeh cekelan enyong bae..
Haha.. Anamaning madang koh cekelane bojo..
Nek bojo ya enake nggo jambalan.. Hahaha.. Iya ora sedulur..???

Aja isin basa ngapak

Mampir maning..
Ndabrul maning... Hahaha..
Siki crita masalah bahasa ngapak..
Terus terang bae enyong salut karo wong ngapak.. Nang ndi ora merantau, mesti cepet menyesuaikan karo basa kana.. Jajal bae wong wetan, nang kene wis puluhan tahun, tapi tetep bae basa bandek.. Nek wong ngapak, nang solo seminggu bae, langsung teyeng bahasa solo, lha enyong nang betawi sedina, langsung lancar basa betawi..... Haha..
Kudune sampean kabeh bersukur dadi wong ngapak.. Iya ora???
Anamaning kancaku, lebaran bali kang kota, blabar blas ora teles alias ora jegos basa ngapak, arep numpak ojeg be ngomonge
- 'bang ke kampunglaut berape bang?'....
- kampunglaute gomgoman mana mba??
- penikel bang...
Hahaha.. Klamite... Kudune kiye bocah dijejeli jangan gendot karo tempe semangit, tambah maning jangan pring tua dilancipi.. Hahaa..
Wis kayakuwe baelah, mbok pada bosen goleh maca..
Sarane enyong.. Ora usah isin karo bahasa ngapak.. Jangan kawat jangan tir.. Jangan kawatir.. Ora bakal mudun drajate gara2 bahasa ngapak.. Ya ora???
Dimanapun bumi dipijak, biasakan bahasa ngapak.. Haahaa...
Salam ngapak selalu..

Udud karo silaturahmi

Enyong teka maning kiye..
Bosen ya ngonoh, ora ya sukur.. Hahaha..
Daripada ngenteni ngantuk ora teka2..
Siki enyong arep crita bab udud..
Jarene wong pinter, nek wong udud se batang, umure kelong sedetik..
Jarene juga, silaturahmi justru bisa nambah umur..
Mulane sing pada doyan udud diakehi silaturahmine.. Dadine umure impas.. Ora kelong ora nambah.. Haha.. Sukur silaturahmine pada nggawa cangk...ingan dondong opo salak.. Haha.. Sing pada gelem silaturahmi ya ngeneh seduluran karo enyong..
Wis ngonoh sing pada doyan udud diterusna, enyong ta ora doyan udud, oya aja kelalen karo silaturahmi ben umure ajeg.. Hahaha..
Wis kayakuwe baelah, enyong arep mapan mbok sinawane bisa langsung angler, genah ngesuk arep matun..
Sing wis ngantuk ya selamat merem..

Basa ngapak pancen aneh

Ndabrul maninglah..
Diwaca ya sukur, ora ya bodoa.. Hahaha..
Tesih masalah bahasa ngapak..
Rika pada sadar apa ora, nek bahasa ngapak akeh sing diserap sekang obrolane tukang mbatu karo tukang kayu???, contone:
- kae anake disengi meng pasar... Disengi mbok artine dipasangi seng.. Haha...
- anamaning, anake malah domaih nang mamake... Doamaih mbok digawekna omah.. Hahaha..
- ana maning, gedange diceti sedurunge dipangan.. Diceti mbok artine diwei cet.. Haha..
- anamaning, anake jare diselangi buku nang tanggane.. Diselangi mbok artine dipasangi selang.. Hahaha.. Ujar2e arep ditembok ndean dipasangi waterpas..
Sing rasane aneh maning jare anake mangan sega kenduren lawuh iwak pitik karo iwak wedus..
Jajal ket kapan pitik karo wedus urip nang mbanyu.. Hahaha.. gujisss..

Kodok mlumpat..

Hahaa.. anamaning kiye critane kemplu karo kempli
kemplu karo kempli lagi pada bedek bedekan alias capean..

 - pli kempli??? Enyong due bedekan sing mesti koe ora bisa njawab..

 - alah kecil nggusril, apa pertanyaane plu??

 - gyeh ana kodok arep nyebrang kali ambane 5 meter, kodoke aben mlumpat adoeh semeter, jajal kodoke mlumpat... ping pira hayo???

 - hahaha.. Yawis genah ping 5 ya plu?? Kayakuwe koh takon enyong ya ngeslem.. Haha..

 - seh.. seh.. Salah.. Coret srettt.. Jajal dipikir maning.. Dengkule dicedekna aring utek ya.. Hahaha..

 - yawis tek mikir karo ndodok kiye...
 Ahaaiiii.. Enyong wis ngrti jawabane.. Mesti ping 2.. Ya mbok plu???

 - bisa2ne ping 2???

 - yawis genah, sepisan mlumpat nyemplung kali, terus ngelangi, mbasa tekan pinggir mlumpat sepisan maning.. Haha.. enyong pinter mbok plu???

 - haha.. Ya pancen pinter kowe pli.. Tapi berhubung kiye bedekan, apabae jawabanmu tetep salah.. Coret srettt... Kawus..

 - asem banget kowelah plu.. Jal apawis jawabane..???

 - gyeh jawaban sing bener pli, dirungokna... lha wong jenenge be kodok ya terserah arep mlupat ping pira yah, ora urusan.. Kodok koh dipikir.. Mikir tuku beras sih genah.. Hahaha...

 - hahaha... Najisss banget kowe lah..
Hahahaha...

Galak wong wadon..

 Kemplu karo kempli teka maning.. Hahaha...
Sing ora seneng guyon ora usah maca.. Hahaa..
Langsung ditonton bae ayuh critane....

- Pli.. Kempli.. Kowe lagi ngapa yah, deneng ora klamben??
...
- Kowe apa ora ngrasakna siki hawane panase ora memper plu???

- Hahaha.. Kowe bodo kon pli.. Gyeh tek waraih.. Umahmu disemprot paracetamol ya, dijamin panase mudun..

- Temenan apa pli???

- Ora ngandel gari dijajal bae ngonoh.. Nek panase urung mudun ya dikompres karo banyu es.. Hahaha...

- Uhhh.. Digilmu ruag.. Gua gampar gempor lu... Berarti nek panase ora mudun enyong kon nggawa umahku meng rumah sakit ben diinfus kayakuwe apa??? Gemblung kowe luh plu..

- Hahaha.. Sing aso aja galak2.. Kiye siki enyong arep takon, jajal wong lanang karo wong wadon galak ndi??

- ya galak wong lanang yah.. Wis genah kerjane kesel ya lumrah nek gampang jengkel..

- Salah pli.. Nek cara enyong galak wong wadon.. Siki jajal bae ngonoh nek ana wong wadon lagi mlaku, ambung bae.. Mesti ngamuk2.. Ya mbok?? Jajal nek wong lanang lagi mlaku ujug2 diambung nang wong wadon, jengkel ora kira2?? Hahaha.. Mesti ora mbok???

- Hahaha.. Iya bener kowe plu.. Buktine anamaning ora kuwe??

- Ya mesti anamaning .. wong wadon sing maca kiye be ana sing ora trima.. Ya mbok?? Hahaha..

- Hahahaha... Iya bener... kae wis mulai pada jengkel.. Lunga bae yuh.. Hahaha..

- Ya ayuh gagean lunga.. Hahahaa... gujisss...

Kethek mudun wit klapa

Hahaha... Wayange teka maning kiye..
Biasa kemplu karo kempli lagi guris.. Langsung bae..

- Haha.. Halo pli.. Kepriben kabare???

- Halo juga plu.. Alhamdulillah sehat walafiat tak kurang suatu apapun, kecuali duit.. Hahaha... Kepriben kabarmu plu? Waras mbok?
...
- Berarti pada karo enyong, sing penting aja nganti ora waras.. Haha..
Gyeh pli enyong due bedekan maning... Rungokna..
Ana kethek kon manjat wit klapa sing duwure 10 meter, jam 10 awan, kon njiot klapa cacahe 10... Pertanyaane: kethek kuwe mbasa mudun, sing tekan lemah apane disit hayo pli???

- Hahaha.. Kecillll.. Kowe mesti arep nglomboni enyong maning.. Nek enyong njawab endase, sikile, buntute, mesti salah, terus arep dicoret srettt.. Iya mbok?? Haha.. Wis genah jawabane, sekarepe ketheke... Ya mbok plu??? Hahaha..

- Hahaha.. Pinter kowe pli.. Tapi brhubung kiye bedekan, apabae jawabanmu tetep salah... Coret srettt... Hahaha..

- Deneng enyong salah terus ya plu?? Asemlah..

- Ketahuilah wahai kempli.. Bahwa kebenaran itu hanya milik Alloh, dan kesalahan itu milikmu.. Hahaha..

- Hahaha.. Kayane utekmu mandan kongslet apa yah plu??? Wis aja kakehan cengek.. Apa jawabane???

- Gyeh rungokna.. sing genah tekan lemah disit ya bayangane lho pli.. Iya mbok?? Arep ketheke kepengin polah apabae, bayangane mesti tekan lemah disit.. Ngandel ora kowe???
Dadi ketheke ora bisa sekarepe dewek... Paham..!!!???

- Hahaha... Semprulll....

Salam kenthir..

Latah..

Hahaa.. Pinanggihan malih kalian kemplu lan kempli.. Dalam acara guyon ngapak..
ora lucu ora usah ngguyu.. Hahaha..

- Halo pli.. Gyeh enyong arep crita masalah bocah jaman siki..

- Anu kepriwe plu.. Crita bae aring enyong..
...
- Enyong gumun pli.. Bocah siki koh ya senenge latah apa yah??

- Ya lumrah plu.. Pancen ket lair bisane tiru2.. Bisa ngomong, bisa mlaku, bisa maca, mbok maune anu tiru2..??

- Pancen bener.. Tapi kae deleng nang fb, gawe status ya pada tiru2 tok, anu tulisan salah ya pada ditiru.. Contone, nulis ora, padahal maune anu salah nulis ketulis oa, malah ditiru.. Tulisan Koe salah nulis oe.. Ya ditiru.. Nulis banget salah ketulis bingit ya ditiru.. Mbok ora bener kuwe pli??

- Ya oa lah.. Hehe..

- Hahaha.. Kowe malah tiru2.. Semprull... Gyeh anamaning, kowe mbok sering krungu bocah pada ngomong 'nggak gitu juga keleesss..' haha.. Ujar2e maen mbok ya??.. Ngko malah suwe2 kae lagu bebek adus kali diganti bebek adus kelesss... aduh biyung... Rusak dunia persilatan.. Haha.. Terus nang sekolahan pelajaran perkalian diganti perkelesan.. Hahaha.. Contone: murid-murid.. Jajal, 5 dikeles 2 ana pira murid-murid ???.. Haha.. Mesti muride kompak njawab.. Ana 10 keleeessss...
Iya mbok pli???

- Hahaha.. Bathukmu pancen mandan anget plu.. oalah.. gujisss..

 

Dicokot ula

Wakakakkkk.. enyong teka maning...
Kaya biasane kemplu karo kepli lagi guris..
Ora lucu ora urus.. Hahaha..

- Pli.. Kepriwe kabare.. Wis nemu calon bojo apa urung??

- Mbuh kiye koh plu.. Ujarku ya wis ora kakehan syarat, ora kudu ayu, pinter dlll.. Sing penting wadon.. Tapi angel temen yah plu.....

- Gyeh pli.. Jarene wong nek wis arep ulih bojo kuwe ngimpi dicokot ula.. Lha kowe wis tau ngimpi dicokot ula apa urung???

- Nek ngimpi ketemu ula aku ya pernah.. Tapi gumune ulane ora gelem nyokot koh plu.. Malah melet melet tok.. Aku ya nelangsa banget.. Ula be ngenyek.. Apamaning prawan.. Apa ora sedih plu???

- Hahaha.. Melas temen kowe pli.. Gyeh tek waraih.. Mbiyen enyong ya padabae tau ngimpi ketemu ula.. Ulane ya padabae ora gelem nyokot.. Tapi berhubung enyong wis mbandreng pengin mbojo.. Ulane tek paksa kon nyokot.. Tek acungi pentungan.. Nyokot ora koweh..!!! Nyokot ora koweh..!!! Ora nyokot tek pateni kowe??? Haha.. Akhire ulane gelem nyokot pli.. Yawis sidane enyong nemu bojo pli.. Haha..

- Hahaha.. Bisa kayakuwe ya plu..
Deneng enyong dilomboni terus yah??

- Hahaha.. Salahe gelem dadi kancaku.. Ya kawusss..

Wesi vs kapuk

Hahaha.. Wis wayahe kemplu karo kempli teka maning..
Sing ora seneng guyon, ora usah maca.. Hahaha.. Langsung bae...

- Halo pli.. Haha.. Ketemu maning karo enyong.. Gyeh pli enyong duwe bedekan maning.. Nek kowe bisa njawab tek wei duit satus ewu..

- Lha kiye mandan cocok plu, ana upahe sih.. Apa pertanyaane plu..??
...
- Gampang banget pli.. Kiye pertanyaan jamanku sekolah paud.. Jajal wesi 10 kilo karo kapuk 10 kilo abot ndi pli???

- Hahaha.. Wis ngeneh duite 100 ewune.. Siki enyong siki wis ora bakal kelembon maning.. Wis genah jawabane ya padabae lah.. Yawis genah pada pada 10 kilo.. Ya mbok plu???

- Salah maning pli.. Coret srettt.. Haha.. Kawus.. Sing genah ya abot wesine lah..

- Apa buktine plu??? Nek ditimbang mbok wis genah padabae 10 kilo..

- Haha.. Pembuktiane ora cukup ditimbang tok pli.. Siki kayakiye bae.. Kae pitmu sing bodol karo kasur kapukmu sing wis kepet ayuh digawa meng kali.. Kita buktikan pli.. Jajal endi sing kemambang??? Mesti kasur mbok pli?? Lha wesine mesti kelelep.. Wis percaya kowe pli???

- Hahaha.. Iya yah plu.. Tapi Kurangajar kowe plu.. Deneng pit karo kasurku arep dicemplung2na kali.. Jenenge kowe ngajak gelut plu..

- Lha jare njaluk bukti.. Sing sabar pli.. Wong sabar kuwe rejekine sabar.. Haha..

- Gyeh plu.. Misale enyong njawab abot wesi.. Bingung ora koweh???

- Hahaha.. Ya ora bingunglah.. Ya dadi abot kapuk yah??
Gyeh buktine.. Kae montor mabur, digawe sekang apa pli?? Wesi mbok?? Wesi semena abote bisa mabur pli.. Jajal kowe apa tumon ana kasur mabur??? Wis genah mbok wesi bisa luwih enteng.. Hahaha.. 100 ewune mlebu sak maning..

-Hahaha.. Gujissss gujisss...

Awal bulan ramadhan..

Hahaha... Kemplu karo kempli teka maning kiye..
Janjane ora arep crita mbok dadi dosa, tapi pada usul kon ndabrul yawis manut..
Sing ora seneng ya bodoa.. Haha.. Langsung bae..

- Pli Kempli.. Mau mbengi kowe nonton sidang isbat apa ora? Hasile kepriwe pli??

- Ya nontonlah.. Genah tek tunggu2.. Tapi sayang pli.. Puasane ora kompak, ana sing setu ana sing minggu.. Menurutmu kepriwe plu??...

- Padabae pli.. Enyong ya kecewa.. Ujarku qur'ane pada.. Khadise ya pada.. Tapi keputusane koh beda2 ya pli??

- Lha jare perbedaan itu indah plu.. Yawis ora usah kecewa..

- Gyeh pli.. Enyong anu wong bodo yah.. Sekolahe be ora duwur, ibarate karo tukang nderes ya duwur tukang nderes.. Tapi nek sidang isbat hasile beda2.. Ya percumah ana sidang mbok??
Siki bayangna baelah.. wong pinter seindonesia dikumpulna ditambah nganggo alat sing canggih.. Biayane pira kuwe pli???
Padahal kur arep menentukan AWAL BULAN.. tapi nyatane hasile ora pada kompak..
Nek pancen hasile arep ora kompak.. wis ora usah repot2 sidang isbat.. Cukup takon ibu2 karo randa enom sing wis paham banget kapan saatnya DATANG BULAN.. Iya mbok pli??

- Hahaha.. Cocok banget plu.. Tapi kayane kowe ora wajib puasa plu.. Masalahe mandan gemblung sih.. Hahaha..Gujisss..

Mambu tembelek

Hahaha.. Kemplu karo kempli teka maning kiye...
Siki critane kemplu mandan sedih.. Tiliki bae ayuh..

- Pli kempli.. Enyong wingi sore sedih banget pli..

- Anu kepriwe plu.. Ceritakan padaku... Ora usah isin2.. Atau malu2 kucing.. Hehe..
...
- Critane kayakiye pli.. Enyong kan lagi sholat mahrib, nembe ulih sereka'at tapi rasane koh ana sing mambu ora enak yah.. Kaya mambu tembelek lho pli... Lha terus kupluke tek ambung.. Oo.. Ya pantes jebule kupluke sing mambu tembelek.. Terus enyong ganti kupluk pli.. Sholate tek lanjutna.. Deneng tesih mambu tembelek... Sajadahe tek ambung, ternyata sajadahe juga mambu tembelek pli.. langsung enyong ganti sajadah, anehe esih mambu bae koh pli..
Sarunge tek ambung.. Oalah sarunge juga mambu tembelek.. Enyong terus ganti sarung pli.. Terus sholat maning tapi karo mikir.. Kupluk wis tek ganti.. Sajadah karo sarung wis tek ganti.. Deneng tesih mambu tembelek bae yah.. Wis ora urusan.. enyong sholat bae nganti rampung.. Mbasa bar salam ngusap rai.. Oalahhh.. Jebule ana tembelek nang pucung irungku pli... Hahaha.. Mulane sih kabeh2 mambu tembelek..
Tapi untunge enyong ora ngambung bojo pli.. Jajal nek ngambung mesti tek ganti bojoku.. Haha.. Jajal kowe apa gelem duwe bojo mambu tembelek??? Hahaha..

- Hahaha.. Nek diganti nggo enyong be gelem plu.. Hehe.. Terus kepriwe lanjutane plu??

- Seneng temen nggo kowe.. Kae anu limited edition pli.. Haha.. Lha mbasa wis ngrti irungku ana tembeleke, enyong terus nglilir pli...

- Hahaha.. jebule kowe ngimpi.. Olahhh.. Tiwas tek rungokna temenan jebule mitro nggedebus.. Gujisss...

Didilat asu

Hahaha.. Kemplu karo kempli teka maning kiye...
Siki crita bab puasa..

- Pli kempli.. Kowe puasa mbok???

- Ya mesti lah.. Wajib lho plu..
...
- Gyeh pli.. kowe tesih kemutan mbiyen jare nek ngentut nang jero banyu puasane batal.. Bener ora pli???

- Hahaha.. Ya oralah.. Tulih nek ngentut nang raimu.. Mesti batal puasane.. Dadi gelut sih.. Ya mbok??

- Haha.. Pinter kowe pli.. Gyeh enyong arep takon maning pli.. Nek ana wong lagi puasa terus sholat dhuhur nang umah, ana asu mlebu ngumah, terus ndilati sikile.. Menurutmu puasane karo sholate batal ora pli???

- Ya batal sholate lah.. Asu mbok najis.. Lha nek puasane aku ora paham.. Batal mbuh ora.. Enyong udu kyai sih.. Nek cara kowe kepriwe plu???

- Menurutku sholate ora batal.. Puasane ya ora batal pli..

- Bisa bisane???

- Lha wong sing didilati sikile asune dewek.. Hahaha..

- Hahaha.. Gujisss.. Gujisss..

Mirip kethek


Haha.. Kemplu karo kempli teka maning kiye..
Bosen ya ngonoh.. Kawus..

- Pli.. kempli.. Enyong duwe bedekan maning pli..

- Ok.. Tapi ingat plu.. Lagi puasa aja nglomboni lho..
...
- Hahaha.. Tenang bae pli.. Siki bedekane gampang banget..
Ana kewan mirip kethek.. Sikile kaya kethek.. Raine ya kaya kethek, awake ya kaya kethek, pokoke kabeh mirip kethek tapi udu kethek pli.. Apakah itu???

- Haha.. Kecilll plu.. Mesti gambar kethek.. Ya mbok??

- Haha.. Salah pli.. Coret srett.. Gedene ora pada pli..

- Asemlah.. Yawis gyeh.. Kethek difotocopy 100% karo kertas ukuran A-0.. Haha..

- Haha.. Gundulmu.. Tukang fotokopine masa gelema.. Salah maning.. Coret sret..

- Lha enyong kapan benere pli??

- Enyong mbok wis tau ngomong.. Kebenaran itu hanya milik Alloh pli.. Kesalahan itu milikmu.. Haha..

- Wis ora usah khotbah.. Jeleh enyong.. Apa jawabane plu???

- Haha.. Sing adem pli.. Gyeh kowe siki turu maning bae.. Lha ngko begitu tangi aja raup disit, langsung golet kaca pengilon, ngaca kowe pli.. Enyong yakin kowe langsung menemukan jawabane pli.. Hahaha..

- Hahaha.. Digilmu ruag.. Titeni.. Dosamu tek itungi plu.. Nek ora lagi puasa tek jak gelut yakin..

Hahaha..

Guyon lagi puasa

Hahaha... kemplu karo kempli ndabrul maning...
karo ngenteni bedug mahrib..drpd ngrasani tanggane.. haha..

- Pli kempli.. enyong duwe bedekan maning, gelem njawab ora kowe pli ??

- Wis ngonoh takon apa.. tapi enyong ora arep mikir, lagi kencot..
...
- Gampang banget pli.. jajal kenangapa langit nek lagi terang, warnane biru pli???

- Haha.. gampang banget plu.. langit biru kuwe disebabna pantulan sekang laut.. iya mbok plu ???

- Haha.. pinter kowe pli.. pertanyaan selanjute pli.. kenangapa laut warnane biru ???

- Haha.. ya gampang maning.. sebab laut kena pantulan sekang langit.. iya mbok plu ???

- Hahaha.. pinter maning kowe pli.. yawis ayuh salaman...

- Hahaha.. kayakuwe tok plu ??? tumben kowe mandan apik plu ??

- Masalahe enyong maras mbok puasamu batal pli..

- Hahaha... makasih plu.. sing penting dewek tetep eksis ya plu??

- Ya mbuh ya...

Kenangapa balonku ada lima

Hahaha... Guris maning bareng kemplu karo kempli..
Ora lucu ora urus.. Haha..

- Pli.. Gyeh siki enyong pengin menguji kecerdasanmu.. Sing gampang bae pli.. Kowe ngerti lagu balonku pli??

- Haha.. Ya apal banget lah.. Apa pertanyaane plu??
...
- Pertanyaan pertama.. kenangapa balonku ada 5 ?

- Halah.. Gampang banget.. Sebab mbaeh putune ana 5, dadi tukune ya 5.. Iya mbok???

- Haha.. Boleh boleh..
Pertanyaan kedua.. kenangapa meletus balon hijau??

- Genah mbaeh kan ora seneng warna ijo, akhire balon warna ijo dijedorna.. Kayakuwe lho plu..

- Haha.. Bisa jadi..
Pertanyaan ketiga pli.. Kenangapa hatiku sangat kacau..??

- Ya mesti kacau lah.. Genah putune ana 5.. Balone kari 4.. Padahal bakul balone wis lunga.. Mumet banget mbok plu??

- Haha.. Oke oke..
Pertanyaan terakhir pli.. Kenangapa balone dipegang erat2 pli???

- Kowe bodo banget lho plu.. Takon bae.. Genah saking kacau pikirane sidane ya stress.. Ngamuk.. Balone diremed kabeh.. Kawus.. Wis jujurr.. Njedor kabeh..

- Hahaha.. Bagus.. Selamat pli.. Berarti kowe wis mandan gemblung.. Hahaha..

- Hahaha.. gujisss.. gujiss..

Toilet khusus wanita

Kemplu karo kempli teka maning kiye.. Haha..
Ngenteni ngantuk.. Ndabrul disit..

- Pli kempli.. Enyong due crita aneh pli..

- Cerita apa koh plu.. Ketone medeni temen..
...
- Critane kayakiye pli.. Wingi enyong arep traweh nang mesjid.. Biasalah rebutan toilet sedurunge wudu.. Lha daripada ngantri kesuwen, enyong langsung bae mlebu toilet wanita.. Tapi apes banget pli.. Enyong domeih nang nini2 prawan tua..

- Hahaha.. Ya kawus.. Mikir ya.. kae toilet khusus nggo wong wadon plu... Bodo banget kowe luh..

- Enyong ya rumangsa salah pli.. Tapi nek domeih kayakuwe ya enyong ora trima yah.. Harga diri lho pli..

- Bisa galak kowe yah plu.. Haha.. Terus kepriwe plu..

- Ya gantian tek omeih lah.. 'gyeh ni.. Rika aja ngamuk2 kayakuwe.. Enyong pancen rumangsa salah.. Kiye toilet pancen khusus nggo wong wadon, tapi rika perlu ngerti, Kiye barangku juga khusus nggo wong wadon.. Dadi enyong ya ora salah banget.. Mulane rika mbojo ya.. ben paham.. aja ngomeih tok pegaweane..
Hahaha.. Kayakuwe pli.. Maen mbok??

- Hahaha.. Maen banget plu.. Berarti toilet wanita kae janjane nggo dewek juga ya plu???

- Ya mesti.. Hahaha..

Clamitan

Kemplu karo kempli ndongol maning.. Hahaha..
Sing sengit ya ngonoh bodoa.. Haha..

- Pli.. Kowe nggawa apa kuwe nang kresek.. Ketone enak temen.. Enyong njaluk lah pli..

- Aja lah plu.. Anu ora enak yakin..
...
- Njaluk lah pli.. Enyong ora enak be doyan pli..

- Clamit kowe luh plu.. Temenan yakin.. kiye ora enak plu.. Paitt..

- Enyong pait be doyan pli.. Njaluk lah pli..

- Haha.. Klamite.. Njijihi banget kowe luh.. Gyeh tek omongi plu.. Kiye ana tembeleke plu..

- Ora papalah pli.. Enyong tembelek be gelem pli..

- Hahaha.. Gyeh plu.. Kiye tembelek kucing arep tek buang malah dijaluk.. Ya nganah di leg kabeh nggo kowe.. Bocah koh clamit temen..

- Hahaha.. Gujissss.. Gujisss..

Resep bahagia dunia aherat

Guris maning bareng kemplu karo kempli.. Hahaha..
Tiliki bae ayuh..

- Gyeh pli.. Sore2 kayakiye rasane kencot banget yah.. Mahrib tesih suwe.. Weruh gedang karo jambu nang wit, ketone koh segerrr temen yah pli???

- Iya bnr plu.. Apamaning jambu karo gedang, Weruh tembelek be rasane kepengin ndulit koh.. Haha..
...
- Husss.. Aja pli.. Ngko domeih nang sing maca.. Haha..

- Haha.. Bnr plu.. Gyeh Plu.. Ketone kowe koh uripe seneng terus, ora tau susah, resepe apa sih plu..

- Tek tidokna pli.. Jarene bosku, nek pengin sukses dan bahagia kuwe kudu bisa memulai dari sekarang, dimulai dari hal2 yg kecil, dan dimulai dari diri sendiri.. Kayakuwe pli..

- Haha.. Enyong ora mudeng plu.. Contone kepriwe kuwe???

- Contone sing gampang bae.. Nek kowe lagi ngising.. Aja mrengut pli.. Senyum bae pli, ora usah dipikir mau mbengi nembe mangan iwak wedus apa iwak ayam.. Santai bae, aja dipikir jero.. Nek tukang gawe sumur lha kudu mikir jero.. Ya mbok pli..??

- Hahaha.. Iya bnr plu.. Terus kepriwe maning plu..

- Misale kowe ngising metune sethithik, aja nesu pli.. Tetap tersenyum, lha mbasa metune akeh, kowe kudu ngguyu ngakak sing seru banget pli.. Hahahaa... Jajal bae pli.. Insyallh bahagia dunia akherat.

- Hahaha... Utekmu perlu disolder kayane lho plu.. Tambah sue tambah kongslet.. Tobilll tobilll...

Gedang goreng karo dages

Jiakkkk.. enyong teka maning bareng kemplu karo kempli..
Ora seneng ya bodoa.. Hahaha..

- Pli kempli.. Siki enyong arep insap lah.. Wis ora arep crita saru maning..

- Sukurlah plu.. Enyong seneng krungune yakin..
...
- Gyeh pli.. Enyong prihatin banget mau sore ndeleng bocah pada pacaran wis ora pada denger isin, padahal lagi bulan puasa.. Sedih enyong ndelengna pli.. Tapi berhubung anake uwong ya tek jorna.. Enyong ya kur bisa ngelus dada pli.. Moga2 anakku ngesuk gede aja pada tiru kayakae, iya ora pli??

- Bener banget plu.. Tapi ngomong2 kowe ngelus dadane sapa plu??

- Ya dadaku dewek lah.. Masa dadane tanggane.. Kiye enyong lagi arep insap pli.. Kowe aja gawe gara2 maning..

- Hahaha.. Ya maap plu.. Wis ora usah dibahas, siki crita liane bae plu..

- Yawis cocok.. Gyeh siki crita panganan bae lah ya pli?? Crita tembelek mbok pada jengkel, crita ngising, apamaning.. Haha..
Enyong due pertanyaan pli.. Jajal gedang goreng 5 ditambah dages 5, hasile ana pira pli???

- Haha.. Gampang plu.. Nek enyong njawab 10 mesti dicoret, ya mbok?? Sing genah ya hasile ana rong piring lah, ya mbok plu.. Sing sepiring isine gedang goreng, sepiring maning isine dages.. Hahaha..

- Hahaha. tesih salah pli.. Kudu dicoret srettt.. Hahaha..
Gyeh tek tidokna.. Enyong wingi tembe takon bakul angkringan.. Pak.. gedang goreng 5 tambah dages 5 pinten pak?? Dijawab 7500.. Jare gedange 1000an, dagese 500an.. Kayakuwe pli.. Nek ora ngandel ya nganah takon dewek..

- Hahaha.. Gundulmu..

Pitik ireng..

Hahaha.. Kemplu karo kempli guris maning kiye..

- Pli kempli.. Enyong mau mbengi ngimpi kesasar nang alas pli..

- Medenei temen plu.. Terus kepriwe plu??

- Nang alas kuwe yah, enyong ketemu karo kaki2 srba putih pli.. klambine putih, rambute putih, jenggote putih.. Wis pokoke putih kabeh.. Kecuali untune pli.. Kaya untumu.. Hahaha.....

- Haha.. Kowe mulai ngajak reang yah plu.. Wis kepriwe lanjutane..

- Gyeh pli.. Enyong dikon nyebutna 2 permintaan.. Jare arep dikabulna pli..

- Lha kowe njaluk apa plu??

- Permintaanku ya sederhana bae pli.. Pertama enyong njaluk slamet dunya akherat.. Lha permintaan sing keloro.. Enyong njaluk diwei 2 permintaan maning.. Haha.. Apik mbok pli??

- Pinter kowe plu.. Ngimpi be tesih bisa nglomboni yah?? Haha..

- Tapi ana syarate pli.. Jare enyong kon nggawa pitik ireng pli.. Tek sanggupi.. Enyong kemutan kowe ndue pitik ireng sih.. Ya mbok pli??

- Iya bener plu.. Terus kepriwe plu..

- Gumune nang ngimpine yah, kowe gelem aweh pitik irenge asal ditemokna disit karo kaki2 mau.. Jare kowe arep njaluk bojo sing semlohai.. Hahaha..

- Hahaha.. Cocok kuwe plu.. Sidane kepriwe plu??

- Sidane enyong ya ngajak kowe nemoni kaki2 mau meng alas.. Lha mbasa ketemu.. Kakine malah ngamuk pli.. Jarene ' kurangajar kowe yah plu.. Tek wei syarat nggawa pitik ireng malah nggawa kethek ireng !!! Lunga nganah..'
hahaha.. Enyong terus mlayu pli..
Maap lho ya pli.. Udu aku sing ngomong.. Kae kaki2 pancen kurangajar yah pli??

- Mbuh lah... Gujissss..

Golet bojo

Hahahaha.. Anamaning kiye critane kemplu karo kempli..
Tiliki bae ayuh..

- Pli.. kempli.. Jare kowe lagi golet bojo.. Tesih niat apa ora???

- Ya niat banget lah.. Tapi urung nemu sing cocok koh plu..
...
- Tenang bae pli.. Enyong akeh stok.. Sing pertama.. bocahe ayu banget, tapi lengob.. Lha sing keloro pinter banget, tapi elek pli.. Kowe milih sing ndi pli??

- Haha.. Deneng kayakuwe yah, enyong ya bingung.. Ana sing nomer telu apa ora plu??

- Yawis kiye sing ketelu bocahe elek tapi lengob.. Gelem ora?? Haha..

- Haha.. Klamite.. Sing kepapat kayangapa pli???

- Nah kiye mudah2an kowe cocok pli.. bocahe ayu dan pinter pli.. tapi bencong.. Hahaha..

- Gundulmu lah.. Kayakuwe ya enyong mending mbojo karo wit gedang.. Haha.. Tesih ana maning ora plu??

- Haha.. Nah kiye sing terakhir pli.. Enyong yakin kowe gelem pli.. Bocahe ayu, pinter, rajin ngibadah tapi sayange randa pli.. Gelem ora kowe pli??

- Kiye enyong cocok plu.. Randa ora masalah, malah ora perlu trukah.. Hahaha.. Umahe nang ndi kuwe plu??

- Lha kae nang wetan mesjid..

- Ya langka randa nang kono lah.. Kae mbok umahe kajine..??

- Ya kajine pateni disit.. Engko tulih bojone dadi randa pli.. Hahaha..

- Hahaha digilmu.. Utekmu kriminil banget luh.. Najissss

Pasar iwak..

Hahaha.. Kemplu karo kempli guris maning..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Enyong duwe crita menyedihkan kiye..

- Ora usah sedih plu.. Ceritakan padaku.. Hehe..
...
- Ceritane kayakiye pli.. Wingi enyong numpak bis yah.. Berharap njagong sbelahan karo cewek, enyong milih bangku sing kosong.. Tapi ana wong tua picek.. Enyong ya melas pli.. Tek kon njagong sebelahku.. Jarene sih arep mudun nang pasar iwak..
Lha mbasa lewat pasar iwak ndilalah ana baku parfum ambune mak breng.. arep mudun, wong picek mau tek omongi.. Pak niki mpun nyampe pasar iwak.. Enyong malah domeih pli.. Jarene ' kowe aja nglomboni wong picek.. Enyong paham.. kiye nembe tekan pasar kembang.. Ujare enyong bisa dilomboni apa.. kayakuwe pli..

- Hahaha.. Bakul parfum ndarani pasar kembang.. Nek ana wong nggawa kamboja berarti ndarani tekan kuburan ya plu.. Haha.. Critane wong piceke mandan gemagus ya plu.. Terus kepriwe plu..

- Enyong ya mangkel banget pli.. Kiye uwong wis picek gemagus temen.. Lha mumpung enyong lagi kringeten.. Tanganku tek kempit nang kelek pli.. Tlapakanku tek adepna ngarep raine.. Jajal kayangapa reaksine.. Hahaha..

- Hahaa.. Kurangajar kowe plu.. Reaksine kepriwe plu??

- Wong picek mau malah menyat.. Ujarku arep ngomeih enyong pli.. Jebule malah ngomong ' KIRI.. KIRI.. ENYONG MUDUN KENE.. KIYE LHA PASAR IWAK.. AMBUNE ENYONG ORA BISA DILOMBONI..
Hahaha.. Nganah lunga.. Kelekku ndarani mambu trasi mbok ya pli...

- Hahaha.. Gujisss... Gujisss..

Entut ngasu..

Hahaha.. Kemplu karo kempli teka maning..
Bosen ya kawus.. Haha..

- Pli kempli.. Enyong duwe crita maning kiye.. Berhubung lagi rame bab entut.. Siki critane tentang entut bae pli.. Setuju pli??

- Ya bolehlah.. Mending crita entut daripada enyong dilomboni bae.. Haha..
...
- Gyeh pli.. Wingi nang bis bar ketemu karo wong picek yah.. Saking gegete enyong ngguyu nganti kepentut pli.. Untung bae entutku ora moni, tapi ambune lho pli.. mak breng.. Hahaha

- Haha.. Njelehi banget kowe luh plu..

- Tapi penumpang liane ngomonge pada ora enak dan kurangajar pli.. Jarene 'huh.. Dasar entut ngasu..' kayakuwe pli.. Lha enyong ya mbedegel banget yah.. Masa enyong di asu2na..

- Pancen salahmu sih.. Ya kawus.. Haha.. Terus kepriwe plu..

- Untung bae enyong lagi puasa pli.. Tek sabar2na.. Enyong ya kur ngomong dewek.. Oalah tut entut.. Mbok wis tek omongi.. Jendela be omber, koh ya milih liwat cungur celeng.. Pancen kowe saru tut.. Entut..
Haha.. Kayakuwe pli.. Maen mbok..

- Hahaha.. Maen banget.. Berarti bis kuwe penumpange asu karo celeng ya plu??
Hahaaha.. Gujisss... Gujisss..

Status facebook

Kemplu karo kempli guris maning.. Haha..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Deneng raimu ditekuk kayakuwe.. Kenangapa kowe.. Kayane koh lagi bermuram durjana.. Ana apa jane??

- Hahaha.. durjana tulih raimu.. Enyong lagi sedih plu..
...
- Sedih ana apa???

- Gyeh plu.. Enyong gumun yah.. Nek bocah wadon gawe status sehurup bae, sing komentar nganti satus uwong.. Lha enyong gawe status nganti satus hurup ora ana sing komentar.. paling 1 thok.. Itupun bakul pulsa plu.. Apa ora sedih??

- Hahaha.. Pancen nasibmu apes.. Gyeh tek tidokna trik trike ben ora sedih maning.. gelem ora??

- Gelem banget plu.. Kepriwe carane??

- Sing pertama.. Nang profilmu ganti jeneng wadon, trus ganti jenis kelamin.. Tambahi poto sing ayu.. Jajal siki gawe status sing mandan lenjeh.. Contone.. 'Mas.. Malem2 dingin begini enaknya ngapain yachh??
Haha.. Mesti sing komentar akeh banget pli.. Ana sing tawa slimut, tawa budin godog, gedang goreng, dages, gembus, jagung bakar, wedang ronde.. Wis pokoke dijamin wareg pli.. Hahaha..

- Hahaha.. Enyong kon nglomboni ya emoh lah.. Najiss..

- Yawis.. Kiye cara liane plu.. Siki kowe gawe akun fb maning sing akeh tur beda2.. Kabeh akun fbmu jadikan teman.. Lha terus jajal gawe status.. Komentari karo akun sijine.. Mesti berhasil pli..

- Hahaha.. Gundulmu ruag.. Enyong dadi kaya wong kenthir yah.. Ngomong dewek, jawab dewek..

- Ora masalah pli.. Daripada ora ana sing peduli.. Kalo bukan kita, siapa lagi..

- Hahaha.. Gujisss..

Bebek adus kali

Hahaha.. Kemplu karo kempli ndongol maning..
Bosen ya ora urus.. Haha...

- Pli kempli.. Gyeh siki enyong arep ngtes kecerdasanmu maning.. Gelem ora??

- Tapi aja angel2 plu..
...
- Gampang banget pli.. Kowe ngerti lagu bebek adus kali???

- Ya anu apal gejepal lah.. Kuwe lagu wajib jamanku cilik plu..

- Siki pertanyaan pertama pli.. Kenangapa bebek adus kali???

- Gyeh plu.. Bapake kan ngingu bebek, lha umahe jejer kali, dadi ya lumrah bebeke pada adus nang kali.. Iya mbok??

- Iya bener pli.. Pertanyaan kedua pli.. Kenangapa bebeke nyosori sabun mandi???

- Masalahe bapake kan arep adus, tapi sabune malah kecemplung kali.. Apes maning sabune malah disosori nang bebek.. Kayakuwe plu..

- Haha.. Bisa diterima pli.. Pertanyaan ketiga pli.. Kenangapa bapak mundut roti??

- Genah arep adus langka sabun, ya ora sida adus.. Meng warung bae sih tuku roti, gurih.. Haha..

- Hahaha.. Apik pli.. Lha siki pertanyaan terakhir pli.. Kenapa anake diparingi???

- Genah dijaluk anake.. Ya sidane mutung diwehna kabeh rotine.. Wis jujurrr.. Ora sida adus.. Ora sida mangan roti.. Hahahaha.. Kawusss..

- Bagus pli.. Berarti kowe wis siki ngerti filosofine lagu bebek adus kali.. Haha..

- Hahaha.. Filosofi apa lah.. Gujisss..

Burung kakak tua..

Hahaha.. Anamaning critane kemplu karo kempli..
Wis mbuh crita sing kepira..
Sing penting guyon.. ora lucu ora urus.. Hahaha.. Langsung bae..

- Pli kempli.. Guris maning yuh??

- Ayuh plu.. Tapi siki gantian plu.. enyong sing ngtes kecerdasanmu.. Gelem ora??...

- Hahaha.. Kowe arep ngetes enyong... Ora salah pli??

- Wis ora usah kementhus.. Siki gantian.. Tesih masalah lagu bocah.. Judule burung kakak tua.. Jajal Kenangapa burung kakak tua plu??? Haha mumet ora kowe plu??

- Haha.. Kecil nggusrill.. Lagu kiye janjane lagu pelecehan pli.. Critane kakange kan urung duwe bojo umure wis tua.. Dadine burunge ya melu tua.. Ngenyek kowe mbok pli??

- Seh seh.. Asem kowe yah.. Pertanyaane berikute plu.. Kenangapa hinggap dijendela???

- Genah urung due bojo, sidane sering thingkring nang jendela ngarep2 ana prawan liwat.. Lha otomatis burunge ya melu thingkring.. Krasa ora kowe pli.. Hahaha..

- Hahaha.. Tambah njelehi deneng.. Selanjute plu.. Kenangapa kakek sudah tua??

- Lha wong kakange be wis tua apamaning kakine.. Kowe lho bodo banget luh pli??

- Asem.. Malah enyong dibodo2na Siki pertanyaan terakhir.. Kenangapa giginya tinggal dua???

- Ngandel ora pli.. Kiye lagu nyindir kowe banget pli.. Jajal nek kowe wis tua kaki kaki, urung due bojo, untune gari loro.. Diledek nang bocah.. Apa ora jengkel.. Hahaha...

- Pancen kurangajar kowe plu.. Ngajog enyong ngtes kowe plu.. Najisss

- Mulane.. mikirrr.. Hahaha..

BRA vs BH


 - Pli kempli.. gyeh..enyong duwe bedekan.. Apa bedane BRA karo BH???

- Ya padabae lah.. BRA ya BH.. Ora ngandel gari takon biyungmu..

- Ya anu beda banget lah.. Gyeh tek tidokna pli.. Nek BRA dibukak Ciluuukkk BRA.. Lha nek BH dibukak Ciluuukkk.. BHA... Hahaha..

- Hahaha... Gujissss... Gujisss..

Gambar bungkus rokok

Hahaha.. Anamaning critane Kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Siki wis ora usah crita capres maning lah ya..

- Ya bener plu... Enyong ya wis bosen.. Ora ana untunge, malah dadi reang tok..
...
- Setuju pli.. Nek kaya Ahok lha beja banget kae.. Sapabae sing dadi presiden, mesti untung, nek prabowo sing menang genah dadi mentri, nek jokowi sing menang dadi gubernur... Lha enyong dadi apa???

- Bener plu.. Kowe paling2 dadi tambah tua.. Haha..

- Haha.. Digilmu.. Kowe be iya koh..
Gyeh pli.. siki crita bab udud bae pli.. Kowe mbok ngerti siki bungkus rokok gambare aneh2.. Ana gambar kangker paru2.. Gambar jantung koroner..dll.. Menurutmu kepriwe pli??

- Ya maen plu.. Ben pada wedi lho, terus mandeg udude..

- Tapi menurutku kurang pas pli.. Kudune disurvei disit lho.. Wong udud kuwe wedine aring apa.. Kan beda2.. Ana sing wedi aring pocong, coro, cecek, cacing.. Dll.. Lha terus digambar nang bungkus rokoke.. Mesti begitu weruh langsung wedi.. Ora sida udud.. Haha.. Kayakuwe.. Maen mbok pli??

- Hahaha.. Apik plu... Enyong usul siji plu.. Tambahi maning gambar bojone lho..

- Haha.. Iya pli.. Kayane begitu weruh gambar bojone langsung hiiii.. Atutt.. Hahaha.. Kapok ora sida udud..

- Hahaha.. Gujiss gujisss..

Weduss..

Hahaha.. Anamaning guyon kemplu karo kempli..
Langsung.. Cekiprut.. Haha..

- Pli.. Enyong duwe bedekan maning kiye..

- Haha.. Mesti kowe arep nglomboni maning.. Iya mbok plu??
...
- Ya ora lah.. Tapi mandan angel pli.. Jajal wedus karo cempe disit ndi??

- Haha.. Deneng padabae endog karo pitik..

- Genah sengaja pli.. ben ora ndarani tiru2.. Haha..

- Ya maen plu.. Keton kreatip.. Padahal ora.. Haha..
Nek nenurutku ya langka sing bener lah.. Genah anane cempe tekan wedus.. Lha anane wedus tekan cempe.. Iya mbok??

- Haha.. Bener pli.. Tapi aja menyerah pli.. Engko mbengi kowe sholat tahajud bae, njaluk petunjuk aring Gustialloh.. Jajal cempe karo wedus disit ndi..

- Haha.. Enyong kon sholat tahajud gara2 wedus.. Haha.. Nabress temen.. Jajal menurutmu disit ndi plu???

- Hahaha.. Enyong ya ora ngerti.. ujar2mu enyong bapake wedus apa??!!! Mulane enyong takon kowe.. Masalahe wingi enyong weruh kowe nggawa wedus meng umah.. Hahaha..

- Hahaha... Gujiss... Gujiss...

Redenominasi

Hahaha.. Kemplu karo kempli guris maning..
Tiliki bae ayuh..

- Pli kempli.. Tek wei ngerti.. pemerintah merencanakan redenominasi ngsuk tahun 2015.. Jajal apa kowe ngerti maksude??

- Haha.. Ngledek kowe yah plu.. Redenominasi kuwe perampingan duit 1000 dadi 1.. Sejuta dadi sewu.. Iya mbok plu??
...
- Seh seh.. Pinter kowe yah pli..

- Haha.. Enyong gitu loh.. Masalahe enyong rajin maca okejon karo nginum myjon.. Mulane pinter plu..

- Haha.. Gayamu.. Jajal menurutmu redenominasi apik apa ora pli??

- Ya ana apike ana orane.. Apike.. Nyebutna karo nulis duit dadi ora repot, 1000 cukup 1, iya mbok plu.. Anamaning plu.. Penjahat nek diuber polisi biasane kan mengambil langkah seribu.. ngsuk ora bisa plu.. Anane langkah siji.. Haha.. Ya langsung kecekel.. Kawuss..

- Haha.. Lucu kowe yah.. Lha eleke apa pli..

- Eleke yah.. Wong jawa kan biasa sopan nek ketemu sapabae nang ndalan, mesti ngomong 'nyuwun sewu.. Masa terus diganti 'nyuwun setunggal.. Hahaha.. Ya lucu lah..

- Hahaha.. Kowe bener banget pli.. Bener bener gemblung..

- Hahaha.. Gujiss..

Maaf lahir batin..

Hahaha.. Anamaning critane kemplu karo kempli..
Langsung bae.. cekiprut.. Hahaha..

- Pli kempli.. Sedina maning puasane rampung, saatnya kita merayakan hari kemenangan ya pli..

- Bener plu.. Kecuali prabowo hata.. Haha.. Melasi banget yah..
...
- Wis ora usah mbahas prabowo.. Ngko malah reang maning.. Gyeh pli.. Enyong arep njaluk ngapura kabeh dosaku selama ini aring kowe pli..

- Hohoho.. Tidak semudah itu plu.. Dosamu tek itung nganti 100.. Berarti kowe kudu njaluk ngapura ping 100.. Kawus ora kowe plu..

- Haha.. Kurangajar kowe pli.. Yawis enyong manut.. Asal kowe bisa njawab pertanyaanku..

- Haha.. Mesti arep nglomboni maning..

- Ya ora lah.. Gyeh pli.. Kenangapa nek lebaran, kabeh wong pada njaluk maaf lahir dan batin?? Padahal nek dipikir, ana hari kelahiran tapi langka hari kebatinan?? Iya mbok??

- Iya yah plu.. Kudune cukup njaluk maaf atas segala dosa.. ya plu.. Lha terus kenangapa kuwe plu.. Enyong malah bingung..

- Ya mbuh.. Hanya Alloh yang tau pli..

- Hahaha.. Gujisss..

Ketemu kanca lawas..

Anamaning critane kemplu karo kempli..
Edisi ora lucu.. Haha..

- Pli kempli.. Lebaran biasane kan akeh ketemu kanca lawas yah... Saumpamane ana sing takon kapan mbojone, kowe njawab apa pli??

- Nyindir kowe yah.. Ya gampang.. Tek jawab 'Ora usah takon2.. Pulisi be ora takon.. Haha..
Oya plu.. Enyong wingi nmbe ketemu kanca jaman sd mbiyen.. Jenenge voni.. Lengkape voniyem.. Haha.. Siki dadi ayu... anget koh..

- Haha.. Kowe mesti seneng yah pli.. Terus kepriwe??

- Wingi tek sms mesra banget plu.. Kayakiye smse.. Dear voni.. Ijinkan kali ini mamas kempli yg bayar zakatmu.. Sebab voni sudah kuanggap keluargaku sendiri.. Haha.. Kepriwe plu.. Maen mbok???

- Apik banget pli.. Terus kepriwe jawabane pli??

- Jawabe malah kayakiye plu.. ' mas kempli.. Walaupun hatiku tak seputih kapas.. Bibirku tak semanis eskrim.. Ijinkan aku mengucapkan minal aidzin walfaidzin, mohon maaf kita berteman saja..
Apa ora sedih plu..

- Haha.. Turut berduka cita pli..
Tapi aja sedih pli.. Tesih ana 40 bidadari menunggumu.. Asal kowe gelem mangkat meng palestina.. Kiye serius pli..

- Mbuh lah.. Ora urus.. Gujiss..

Eman karo wongtua

Assalamualaikum sedulur kabeh..
Hahaha.. Kiye kemplu karo kempli teka maning..
Langsung bae.. Cekiprut.. Haha..

- Pli kempil.. Kepriwe lebarane nang kampungmu. Rame ora??

- Siki wis beda plu.. Jamane wis canggih.. Wis langka wong mider2 turut ngumah.. Cukup sms, lewat fb, lewat WA, lewat twitter dllll.. Hebat mbok plu??...

- Hebat sing kepriwe lah.. Enyong malah sedih pli.. Wis pada ora gelem sowan aring tangga teparo.. Sms be anu tiru2 copy paste ya mbok.. Malah ana sms kayakiye.. Bila tangan tak mampu berjabat, mata tak mampu melihat, kaki tak mampu melangkah mohon maaf lahir batin.. Jajal apa ora melasi.. Kuwe jare tanda2 stroke pli..

- Haha.. Iya bener plu.. Nek dipikir pancen siki jamane wis beda yah plu..

- Sing melasi maning wongtuane pli.. Critane anake bali ngganggo mobil gemagus banget kang perantauan nggawa keluargane.. Wis ora jegos basa jawa.. 4 dina nang ndesa.. Sing sedina jare kekeselen nang ndalan, terus turu sedina med.. Sedinane maning reuni karo kanca sekolah.. Sedinane maning jare bojone reang ora betah.. Sedinane maning malah padu.. Jare nek dadi godong ora arep nyowek.. Dadi banyu ora arep nyawuk.. Lha mbasa dadi duit pada rebutan... Jajal apa biyunge ora nlangsa kayakuwe pli???

- Hahaha.. Bener maning kowe plu.. Nek kayakuwe mending ora usah mudik bae yah plu??

- Ya salah.. Kudu mudik.. Biyung kuwe luwih seneng ketemu anak daripada kur dikirimi duit pli.. Apamaing anake pada gelem eman karo wongtua.. Aja mudik malah jajan dewek, mbakso karo nyate sekeluargane tok lha biyunge dicritani tok.. Nek kayakuwe ya Jotos bae.. Haha..

- Haha.. Setuju plu.. Nek perlu enyong melu njotosi.. Hahaa..

- Hahaa.. Aja jotos2an.. Ora apik.. Semoga crita kiye kur ana nang negeri dongeng..

Kemplu karo kempli ngaturaken sugeng riyadi mohon maaf lahir batin.. Wassalamualaikum..

Kolam renang..

Hahaha... Kemplu karo kempli teka maning..
Ora kudu lucu.. Sing penting ndabrul.. Haha..

- Pli kempli.. Lagi ngapa kowe?? Ketone ora sehat temen??

- Enyong lagi mandan nggreges kiye koh jan.. Tambane apa yah plu??
...
- Mulane olahraga sing teratur ya pli.. Dadi ora bengkiyangen kayakuwe.. Contoh enyong kiye.. Keton sehat mbok???

- Olahraga apa plu?? Jajal enyong ditidokna lah.. Sing murah tapine.. Masalahe enyong ora due duit..

- Sing genah murah ya renang pli.. Ora kudu tuku kaos, ora kaosan be ulih.. Ora kudu katokan.. Hehe.. Ora kudu sepatuan.. Ngirit duit mbok?? Ngirit maning nek arep nguyuh gari turr.. nang njero kolam.. Hahaa... Seger mbok pli???

- Hahaha... Iya yah plu.. Berarti kolam renang kae mandan anget anu uyuhmu ya plu???

- Ya mesti... Tapi udu uyuhku tok pli.. hampir kabeh sing renang nang kono, termasuk wong wadon ya padabae.. Cuma dibatin.. Deleng bae ekspresine.. Nek lagi mengkirig berarti lagi nguyuh.. Hahahaa...

- Haha.. Nek kayakuwe ganti bae jenenge udu kolam renang plu.. tapi kolam uyuh.. Dijamin anget.. Hahaaa.. Gujiss gujiss..

Pos Polisi

Hahaha.. Anamaning kiye obrolane kemplu karo kempli..
Tiliki bae ayuh..

- Pli kempli.. Gyeh tek takon.. Deneng siki prapatan kidul alun2 cilacap seplok digawe 2 jalur dadi langka pulisi ya pli?? Pos pulisine dadi sepi yah??

- Haha... Masalahe siki wis langka wong kesasar plu.. Maune kan akeh plu.. Lumayan kan kena nggo tuku iwak ayam.. Hahaa...
...
- Hahaaa.. Kowe ya saru.. Jenenge suudon kuwe pli, alias brprasangka buruk.. Ora ulih pli..

- Ya ora suudon lah.. Genah nyatane kayakuwe.. Iya mbok??

- Aja salah sangka pli.. Mungkin bae nang prapatan kono siki wis tertib, dadine wis ora perlu dijaga pulisi.. Kayakuwe lho pli.. Misale ana pulisi sing kayakuwe ya anu oknum.. Udu pulisine sing salah.. Cuma masalahe pulisi akeh oknume.. Hahaa.. Lha siki sidane pulisine pindah aring nggon sing urung tertib.. Sapa ngerti ana sing kesasar maning..

- Hahaha.. Ujarku arep ngomong bener, jebule padabae.. Gujiss gujiss..

Bojo ideal..

Hahaha.. Kemplu karo kempli ndongol maning..
Bosen ya kawus lah.. Haha..

- Pli kempli.. Kepriwe lebaran wingi, wis nemu calon bojo apa urung?

- Mesti sing ditakokna mbojo bae luh.. Bosen tulih plu.. Jajal siki gantian kowe tek takoni.. Plu kemplu.. Kepriwe kabare..?? Kapan matine.. Deneng tesih urip bae kowe??? Haha..
...
- Hahaha.. Kurangajar kowe yah.. Kiye enyong niat mbantu pli.. Gelem ora??

- Yawis kowe arep mbantu sing kepriwe??

- Gyeh tek kandani pli.. Golet bojo kuwe aja kakehan syarat.. Sing penting apik atine.. Setuju mbok kowe pli??

- Hahaha.. Wis trah.. Kowe ya nglomboni maning.. Lha ngerti apik atine sing kepriwe.. Boro2 bisa niliki atine.. Lagi nembe arep nyopot benik klambine tok be enyong wis dikeplak..

- Hahaha.. Bodo banget kowe yakin pli.. Nek kayakuwe sih anu malah gampang.. Intip bae nek lagi adus.. Hahaa..

- Hahaaaa.. Kemplu.. Kemplu.. Kowe malah maraih sing ora nggenah.. Kepriwe maksude??

- Gyeh pli.. Akeh wong urung mbojo nganti tua mergane kakehan syarat.. Mulane ora usah werna2.. Sing penting bocahe gelem setia.. Gelem ngibadah, gelem nrima apa anane.. Kayakuwe pli.. Mudeng kowe??

- Mudeng plu.. Tapi masalahe siki apa tesih ana bocah wadon sing kayakuwe plu??

- Ya tesih banget.. Cuma sayange bocahe siki wis tek bojo nang enyong pli.. Hahaa..

- Hahaha.. Gujiss gujiss...

Nglomboni..

Hahaha... Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Gyeh tek critani.. Wingi enyong reuni ketemu kanca2 lawas.. Jan siki dadi ayu2 banget koh..

- Haha.. Emut plu.. Kowe wis duwe bojo..
...
- Ya mesti emut lah pli.. Gyeh tek kandani pli.. Jebule wong wadon gampang dilomboni yah??

- Dilomboni kepriwe koh??

- Wingi enyong kan ketemu kanca lawas, jenenge tuyem.. Hehe.. Kowe aja ngeyek pli.. Tuyem kuwe anu singkatan.. Mergane metune ayem, akhire dijenengi tuyem.. Lha nek metune mayar dijenengi tuyar.. Haha..

- Haha.. Iya bener plu.. Terus kepriwe..

- Tek omong kayakiye pli.. Yem.. Siki kowe lho dadi langsing banget luh.. Haha.. Gumune Tuyem malah seneng banget pli diarani langsing.. Padahal langsing banget kan artine padabae karo gering banget ya pli??

- Hahaa.. Iya plu.. Judule tuyem kelombon gareng kuwe plu..

- Anamaning pli.. Kancaku sing jenenge turmini.. Hahaa.. Nek kiye lha udu singkatan pli.. Wingi ya padabae seneng banget tek omong.. Tur.. Siki kowe lho keton sehat banget luh.. Hahaa.. Padahal sehat banget artine padabae karo lemu banget.. Iya mbok pli??

- Haha.. Kowe tukang nglombo pancen plu..

- Lho nglombo demi kebaikan kuwe ora dosa pli..

- Deneng kowe nek ngomong aring enyong jujur temen nganti gawe jengkel plu..

- Nek aring kowe ya dalile beda maning pli.. Katakanlah yang sebenarnya walaupun itu menyakitkan.. Haha..

- Hahaha.. Gujiss gujiss..

Nambani mambu jengkol..

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning.. Gara2 ora bisa turu..
Langsung bae.. Cek it out..

- Pli kempli.. Kayonge keton seger temen kowe.. Bar mangan apa?? Tapi deneng cangkemmu ambune ora enak temen.. Kaya mambu jengkol..

- Gyeh plu.. Enyong bar mangan lawuh pete mantep banget plu.. Terus jarene kowe ben ora mambu pete kon mangan jengkol.. Enyong ya manut.. Jajal siki apa tambane plu, ben or...a mambu jengkol..??

- Gyeh pli, jare mbaeh nek bar mangan jengkol kon ilang ambune kuwe kon mangan beras mentah pli.. Nek kowe percaya ya ngonoh.. Tapi enyong urung percaya pli.. Masalahe mbaeh kan sekolahe sd tok, lagian urung pernah dibuktikan secara ilmiah pli..

- Yawis jajal menurutmu sing sekolahe jere duwur, cara sing ilmiah nggo mengatasi mambu jengkol kuwe sing kayangapa plu..

- Gyeh tek tidokna cara sing ilmiah.. Siki kowe mangan walang sangit pli.. Tek jamin ora bakal mambu jengkol maning.. Hahaa..

- Hahaa.. Gundulmu ruag.. Ora sisan kon mangan tembelek lancung plu??

- Haha... Kuwe ya apik pli.. Alternatip misale ora nemu walang sangit, nek ora nemu tembelek lancung ya golet tembelek kucing.. Hahaa...

- Hahaaa.. Kayakuwe sing diarani ilmiah?? Oalahhh.. Gujiss gujiss..

Malam pertama

Hahaha.. Kemplu karo kempli ndongol maning..
Sing ora seneng ya kawus lah.. Haha..

- Pli kempli.. Deneng kowe ngalamun.. Kenangapa koh??

- Gyeh plu.. Enyong lagi mbayangna, seumpamane ngesuk enyong duwe bojo tapi ora ayu sih rasane kepriwe ya plu??
...
- Haha.. Tenang bae pli.. Tek tidokna carane.. Misale kowe pas arep malam pertama, lampune pateni kabeh pli.. Sebab disamping tambah romantis, juga bisa meningkatkan semangat pli, masalahe wong wadon sing ayune pol karo wong wadon sing eleke pol kuwe nek nang nggon sing peteng anu padabae kaya bocah kembar pli..

- Hahaa.. Iya bener plu.. Padabae ireng.. Haha.. Terus kepriwe plu?

- Terus kowe bisa membayangkan artis sing disenengi pli.. Misale luna maya.. Haha.. Mantep mbok?? Yawislah gurih.. Haha

- Haha idemu mandan cemerlang plu.. Enyong cocok kiye..

- Urung rampung pli.. Berhubung kowe mbayangna luna maya.. Lha bojomu ya padabae beruntung pli.. dadi bisa mbayangna aril noah.. Daripada ndeleng raimu.. Hahaa..

- Hahaaa.. Gujissss..

Gambar bebek..

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndlepus maning.. Langsung bae..

- Gyeh pli.. Wingi enyong nembe dolan aring RSJ, nang kana ana lomba agustusan pli.. Hadiahe jare sing wis waras langsung ulih bali..

- Hahaa.. Kiye lucu plu.. Anu lombane wong gemblung sih.. Sing crita ya mandan gemblung.. Haha.. Lombane apa kuwe??

- Haha.. Kowe aja kurangajar pli.. Kiye lomba menggambar bebek pli.. Sing gambare bener ...berarti wis berubah dadi waras, ulih bali..

- Hahaa.. Ya gampang banget lah.. Kabeh ya mesti bisa..

- Hahaa.. Aja salah pli.. Kowe kon melu nggambar ya urung karuan lulus..

- Haha.. Ya ora mungkin.. Enyong ya mesti lulus lah..

- Gyeh rungokna.. Mbasa kabeh peserta wis nggambar hasile dikoreksi.. Ternyata salah kabeh pli.. ora ana sijia sing nggambar bebek madep tengen.. Kabeh madep kiwe.. Berarti tesih ajeg.. Urung berubah, urung ana sing waras pli.. Hahaaa...

- Hahaa.. Berarti guru tk, guru sd karo kabeh muride termasuk sing maca crita kiye nek kon nggambar bebek kayane hasile padabae ya plu? Berarti urung pada waras ya plu????

- Hahaha.. Kowe sing ngomong lho pli, udu enyong..

- Hahaha.. Gujisss gujisss..

Gambar pemandangan..

Hahaa... kemplu karo kempli ndongol maning..
Langsung bae, cekiprut.. Haaa..

- Pli kempli.. Gyeh enyong arep nguji kecerdasanmu maning.. Gelem ora pli??

- Ok.. Tapi aja angel2 plu.. Utekku lagi males mikir..
...
- Gampang banget pli.. Kiye soal bocah cilik.. Jajal kenangapa bocah tk karo bocah sd, nek kon nggambar pemandangan mesti nggambar gunung pli?? Menurutmu sing salah gurune, apa salah bocahe sing kurang kreatip pli.. Tulung dijelaskan secara empiris dan logis pli..?

- Hahaa.. Kata2mu njeleih banget yakin plu.. Gyeh plu.. gurune ora salah, muride ya ora salah.. Sing salah ya biyunge lah.. Masalahe kawit lahir pemandangan sing paling sering diweruih ya gunung.. Iya mbok plu?? Hahaa.. Mulane ya lumrah nek kon nggambar mesti nggambar gunung.. Kayakuwe lho filosofine..

- Hahaa.. Dadi ana filosofine ya pli.. Lha terus diantara gunung mesti digambari matahari sing lagi ngguyu kae artine apa pli??

- Hahaaa.. Kowe salah maning.. Kae udu srengenge plu.. Kae gambar bapake lagi ngrusuih anake, ndusel2 karo prengas prenges.. Hahaaa..

- Hahaaa.. Tambah sue deneng tambah gemblung kowe pli..

- Hahahaaa.. Ora urusan.. Sing penting gujisss.. Hahaa...

Nyembeleh basur..

Hahaa.. Anamaning critane kemplu karo kempli..
Tiliki bae ayuh..

- Pli kempli.. siki kan malem jumat ya pli.. Daripada kowe kesepian urung duwe bojo.. Hahaa.. siki tek ajak makan2 gratis.. Enyong nyembeleh basur pli.. Gelem ora kowe..??

- Haaha.. Tumben kowe apikan plu.. Gelem banget yakin lah..
...
- Kowe wis ora usah urun apa2 pli.. Kabeh wis siap.. Tugasmu gari masak basur karo liwet sega, mbasa rampung dikumbaih piringe.. Setuju mbok pli??

- Sippp.. Setuju banget plu.. Wis pokoke dijamin beres kabeh plu..

Akhire kemplu, kempli karo bala2ne pesta rica2 basur masakane kempli..
Tapi let sedina kempli nggoleti kemplu..

- Plu.. Kemplu.. Kurangajar kowe yah... Tek bela2ni masak, liwet karo umbah2 piring.. Jebule kowe nglomboni enyong.. Gyeh enyong nembe domeih biyungku.. Jare basure ilang siji.. Kowe pancen semprull plu.. Kapananeh kowe plu..

- Hahaa.. Sabar pli.. Kowe mbok melu mangan.. Kowe ya padabae semprul.. Haha..

- Mbuh lah.. Gujiss...

Kisah putri cantik ditengah hutan


Alkisah ditengah hutan hiduplah seorang putri yang cantik jelita.. Dia hidup sebatang kara, hanya berteman hewan dan tumbuh2an..
Hingga suatu ketika sang putri beranjak dewasa.. Semua hewan semakin mengagumi kecantikannya dan jatuh cinta kepadanya..

Buaya dengan percaya diri pertama kali menyampaikan rasa cintanya kepada sang putri cantik jelita.. 'Wah...ai putri.. Maukah kau menerima cintaku??..
Tapi sang putri menolak.. 'apa?? Kamu mencintaiku?? Haha.. Sory ya.. Aku tdk suka laki2 buaya.. Hahaa..

Hari berikutnya datanglah monyet menyatakn cintanya.. Tapi lagi2 sang putri menolak.. 'Hai monyet.. Aku gak mungkin menerimamu.. Karena kuyakin cintamu pasti cinta monyet.. Hahaa..
Monyet pun berlalu sambil ngrundel.. Apes temen yah enyong dadi kethek..

Hari berikutnya kodok pun berusaha mendapatkan cintanya.. Tapi lagi2 ditolak karena dianggap semua kodok nggak ada yang ganteng sekalipun itu pangeran.. Hahaa..

Hari berikutnya kura2 pun ikut bersaing.. Tapi apa yang terjadi.. Tetap ditolak karena dianggap punya akal bulus.. Hahaaa..

Demikan cerpen ini dibuat dengan penuh rekayasa.. Dan sampai hari ini sang putri belum menemukan cintanya..

Pesan moral: Jangan lagi2 mengatakan laki2 buaya.. Cinta monyet.. Akal bulus.. Kadal buntung.. Dlll.. Kasihan mereka.. Hahaa.. Mari selamatkan hewan kita..

Hahaa.. Sampai jumpa lagi.. Enyong arep meng alas nggoleti sang putri.. Sapa melu???

Tombo ngantuk..

Jiahahaa.. Kemplu karo kempli ndongol maning..
Ora lucu ora urus.. Hahaha..

- Pli kempli.. Kenangapa kowe.. Ketone ngantuk temen..

- Genah embuh kiye koh plu.. Enyong siki dadi gampang banget ngantuk.. Tambane apa ya plu??
...
- Oalah.. Gyeh tek tidokna.. Tambane ngantuk kuwe ana limang perkara pli.. Ngandel ora kowe??

- Haha.. Deneng kaya tombo ati limang perkara.. Jajal apabae plu??

- Sing pertama nginum obat sa'botole.. Jajal bae ngonoh..

- Seh seh.. Ora sisan apotike dileg plu.. Haha.. Jajal sing keloro apa plu??

- Sing keloro mangan duren sa'kulite.. Hahaa..
Lha sing ketelu.. Nginum banyu sa'jemblunge.. Haha..

- Hahaa.. Suwe2 tambah gemblung.. Apamaning plu??

- Sing kepapat mangan sega sa'blastrange.. Hahaa.. Dijamin ngantuke ilang.. Garansi sampai mati.. Hahaa..

- Haha.. Sing mandan waras ana ora plu??

- Nah kiye sing terakhir serius pli.. Ilmiah dan wis terbukti secara klinis.. Haha.. Tapi aja crita2 pli.. Kiye rahasia.. Pokoke kowe begitu ngantuk yah, langsung pijet jempol tangan kiwemu pli.. Dijamin ilang ngantuke..

- Sing bener plu.. Temenan apa ora?? Mbasanu nglomboni maning??

- Kiye asli ora nglombo pli.. Tapi ana sarate.. Sing mijet bocah smea.. Hahaa....

- Hahaa.. ya karuhun.. Gujiss gujisss..

Pinter karo cerdas

Hahaa.. Anamaning guyonane kemplu karo kempli..
Tiliki bae ayuh..

- Pli kempli.. Gyeh enyong arep takon.. Jajal menurutmu apa bedane wong pinter karo wong cerdas pli??

- Ya beda banget lah.. Jamanku tesih sekolah yah, wong pinter kuwe tiap kali ulih tugas, mesti langsung digarap plu.. Lha mbasa wis rampung nembe bersantai.. Nek wong cerdas beda plu.. santai disit.. Ora grusa grusu.. Bar kuwe lha... gari nyontek.. Haha.. Sebab rumangsa ora pinter..

- Hahaa.. Kowe berarti cerdas ya pli.. Lha saumpamane sing diconteki ora ulih.. Kawus ora kowe pli??

- Hahaha.. Aja salahna enyong plu.. Ngesuke bukune ilang.. Haha.. Jare urip kudu tulung menulung.. Nek ora gelem tulung menulung ya kawus bukune ilang.. Rasakna ngonoh tulung2 dewek.. Haha..

- Haha.. Tambah cerdas kowe pli.. Berarti mbiyen sing tukang nyolongi buku, kowe ya pli??

- Huss.. Aja seru2 plu.. Siki bocahe wis kelalen ikih.. Haha.. Lagian siki enyong wis insap plu.. Wis ora tau nyolong buku maning..

- Hahaa.. Ya iyalah.. wong siki wis ora sekolah maning..
Oalahh.. Tobil tobil.. Aja pada tiru sedulur.. Kempli pancen semprull.. Hahaa..

Bahasa kebatinan

Hahaa.. Anamaning kiye guyonane kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Plu kemplu.. Enyong nembe tekan cimanggu, nang kana enyong mandan gumun koh plu.. Weruh bocah umur rong taun wis pinter bahasa sunda.. Apa ora hebat plu??

- Hahaa.. Kuwe urung sepiraa pli.. Wingi nang amerika bocah umur rong taun wis pinter basa inggris pli.. Luwih hebat mbok?? Hahaa..
Apamaning wong nek wis mbojo pli.. Sing l...anang nembe dehem 'ehmm.. bojone langsung paham pli.. Hahaa.. Kuwe sing jenenge basa kebatinan pli.. Mulane mbojo ya ben paham.. Hahaa..

- Hahaa.. Pinter tapi saru kowe ya plu.. Siki misale sing wadon sing dehem.. Apa artine plu??

- Hahaa.. Aja seru2 pli.. Kiye rahasia.. Nek wong wadon dehem aring bojone, kuwe wis genah anu lagi njaluk duit.. Hahaa..

- Hahaa.. Kayakuwe ya plu.. Oalaahhh.. gujisss...

Ngamal kudu iklas..

Hahaha.. Kemplu karo kempli guyon maning..
Ora kudu lucu.. Sing penting ndabrul.. Haha..

- Pli kempli.. Jarene ustad YM nek dewek ngamal, nang Gustialloh arep dibales 10 kali lipat.. Misale ngamal sewu arep ulih 10ewu.. Kowe percaya ora pli?

- Ya anu percaya banget plu.. Sing ngomong be ustad.. Gyeh plu wingi kancaku bar jumatan, jare nembe ngamal aring kotak mesjid, padahal ngamal sewu perak p...lu..

- Lha terus hasile kepriwe pli?

- Baline ulih sendal anyar plu.. Regane kayane 50 ewu.. Berarti ulih 50kali lipat mbok?? Hahaa..

- Hahaa.. Kempli.. Kempli.. Kuwe jenenge maling pli..

- Nek menurutku sih beramal aja mikir balesane plu.. Wis ben urusane Gustialloh.. Sing penting iklas.. Misale ana ya tampani.. Ora ana ya enteni.. Kayakuwe mbok plu??

- Hahaa.. Nah kiye mandan ana benere pli.. Tapi mandan ngenyiss.. Hahaa.. Miteee..

Urip aja pelit..

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Langsung bae.. cekiprut.. Haha

- Pli kempli.. Kowe kenangapa maning kuwe.. Gelisah temen ketone??

- Gyeh plu.. Enyong arep ana acara penting malah hondane dienggo ramane.. Ya enyong kebingungen kiye.. Tulungi lah plu..
...
- Wis ora usah bingung pli.. Tek silihi montorku.. Gari milih ngonoh.. Ana loro kae.. Tapi udu honda pli.. Aku duwene suzuki karo yamaha..

- Ora masalah plu.. Padabae montor ikih??

- Husss aja dipadakna pli.. Ya anu beda banget.. Kowe apa tau tumon ana wong ketabrak suzuki karo yamaha..?? Ora mbok?? Biasane pada crita 'kae wingi tulih ana wong ketabrak honda.. Haha.. Mulane aku moh tuku honda yakuwe pli..

- Haha.. Kayakuwe yah.. Yawis ngeneh enyong diselangi yamahane yakena plu..

- Tapi maap pli.. Yamahane anu mandan boros bensine..

- Yawis suzukine ya orapapa plu..

- Maap juga pli.. Suzukine padabae boros.. Kepriwe pli??

- Genaeh ulih disilh ora jane?? Isab temen kowe plu..

- Udu kayakuwe pli.. Masalahe yamahane anu urung lunas pli..

- Yawis suzukine bae plu..

- Suzukine ya padabae urung lunas pli.. Hehee..

- Gyeh plu.. Enyong ora sida nyelang montormu.. Enyong nyelang linggis bae plu..

- Arep nggo ngapa koh pli??

- Arep nggo ndongkel umahmu.. Arep tek pindah sing adooohhh banget plu.. Najiss enyong duwe tangga kaya kowe..

- Hahaa.. Ya ngonoh.. Tapi mbesuk nek enyong arep mati, enyong arep gawe wasiat.. Njaluk dikubur sebelahmu pli.. Hahaa..

- Seh seh.. Ora bisa plu.. Enyong ya gawe wasiat disit.. Emoh dikubur nang sebelahmu.. Kawus ora kowe plu..

- Ya ngonoh kowe mati disit.. Aku ta emoh..

- Mbuh lah.. Gujisss..

 

Mawar..

Hahaa.. Anamaning guyone kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Kayonge keton bungah temen kowe??

- Gyeh plu.. Enyong lagi seneng banget plu.. Wingi kenalan karo cewek jenenge MAWAR, ayune jan ora patut plu.. Umpamane disawang kang sedotan karo njengking tetep keton ayu bae..
...
- Haha.. sukurlah pli.. Sidane kowe duwe kenalan cah ayu.. Enyong cuma pesen siji pli.. Nek sida serius, tulung bocahe diganti jeneng bae pli.. Enyong ngomong temenan kiye udu guyon..

- Diganti sing kepriwe plu.. Mawar ya jeneng maen banget lah.. Dari namanya terbayang kelezatannya.. Hahaa..

- Haha.. Kurangajar kowe yah.. Gyek tek kandani.. Apa kowe gelem bojomu bola bali diperkosa nang wong lia??

- Lho apa hubungane plu??

- Wis trah.. Gyeh enyong bola bali maca koran pli.. Akeh banget berita nang koran.. 'telah terjadi perkosaan dengan korban 'sebut saja MAWAR'... Lha kuwe kan.. Ngandel ora kowe pli..

- Hahaa.. Kayane utekmu perlu ditimbang lho.. jajal kurang pirang on janjane plu.. Oalah gujisss gujiss..

Ayune seunthil kangkung..

Hahaa.. Anamaning kiye guyonane kemplu karo kempli..
Ora lucu ora urus.. Hahaa..

- Pli kempli.. Kenangapa kowe.. Wingi keton bungah banget.. Siki malang ngalamun... Ana apa jane.. Ceritakan pada mamas kemplu pli.. Hahaa..

- Gyeh plu.. Enyong lagi mbayangna seumpamane mawar dadi bojoku.. Wis pokoke betapa senang hatiku plu.. Kowe ora usah ribut jenenge kon diganti.. Hajar sisan.. Haha.. Ayune jan... plu.. Ngedab edabi.. Hahaa..

- Oalah.. Gyeh tek omongi.. Jangan melihat cewek hanya dari kecantikannya saja pli..

- Hahaa.. Kowe kaya wong tua lho.. Kudune sing kayangapa plu??

- Kalo cuma mencari cewek hanya melihat kecantikkannya.. Salah kowe pli.. Mending ora usah repot2 pli.. Kowe mbojo bae karo piring.. Kae wingi bojoku nembe tuku rinso ulih piring cantik..

- Hahaa.. Ujarku arep ngomong bener.. Malah enyong kon mbojo karo piring.. Gelut bae yuh plu??

- Hahaa.. Aja gelut pli.. Yawis misale kowe ora seneng karo piring, siki kowe meng warunge nini dakem bae.. Kae nang kana ana kangkung ayu ayu banget pli.. Dibojo nganah.. Hahaa..

- Astagfirullohh halngadimm.. Enyong kon mbojo karo kangkung.. Oalah gujis gujiss..

Hahaa.. Pesan moral.. Nggo cewek sing ayu aja kemayu.. Sebab kecantikanmu tidak lebih dari sebuah piring cantik dan seunthil kangkung.. Hahaa..

Nangis mbayar..

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning kiye..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Kowe deneng sedih temen.. Ana apa pli?

- Tek critani plu.. Jebule bocah sing tek senengi wis duwe pacar plu.. Enyong ya nelangsa banget.. Rasane pengin nangis plu..
...
- Gyeh pli. Urip kuwe sedela tok aja digawe sedih pli.. Tetep semangat apapun yang terjadi.. Cah wedon akeh.. Gustialoh ora sare pli.. Jodoh wis ana sing ngatur, kowe ora usah melu ngatur.. Ngko malah gemblung kowe pli..

- Hahaa.. Kowe ngomonge kaya kyai lho.. Tapi mandan sudrun..
Kiye enyong tetep tesih nelangsa bae koh plu.. Airmataku tetap menetes plu..

- Yawis saumpamane kowe arep nangis ya ora papa pli.. Nangis bae.. Aja isin2 pli.. Gratis ikih.. Tapi nek nangise nganti kepuyuh lha mbayar sewu.. Paham kowe pli??

- Busyett.. Berarti umpamane nangise nganti kepising mbayar rongewu.. Kayakuwe apa???

- Ya mesti.. hahaa..

- Seh seh.. Arep nangis malah kon mbayar.. Oalah.. Gujisss.. Gujiss..

Ayu juga penting..

Hahaa.. Keplu karo kempli ndabrul maning..
Tonton bae ayuh..

- Pli kempli.. Where are you come from sih?? Enyong lookang looking for you.. You malah goang going anywhere..

- Hahaa.. Bahasamu mandan aneh plu.. Enyong nembe tumon ana basa inggris ngapak plu..
Kiye plu.. enyong goang going anywhere lagi golet cewek ayu plu.....

- Oalah pli.. Enyong mbok wis tau crita.. Golet cewek kuwe aja kur ayune tok.. Deleng juga perilakune, iman dan taqwane.. Kayakuwe pli.. Nek raine tok sing ayu ya padabae karo piring cantik dan seunthil kangkung lah..

- Haha.. Iya plu.. Tapi ayu juga penting mbok plu?

- Ya penting juga sih.. Tapi kowe kudu ati2 pli.. Siki akeh bocah ketone ayu jebule anu polesan salon pli.. Anamaning ujare ayu jebule lanang.. Hahaa..

- Hahaa.. bener plu.. Kudune kepriwe plu?

- Nek kowe kepengin ngerti cah wedon kuwe sebenere ayu apa ora.. Gampang pli.. Deleng bae raine bar tangi turu.. Wis genah keton asline pli..

- Sing bener bae kowe plu.. Umahe be mbuh nang ndi.. Malah kon ndeleng raine bar tangi turu..

- Mulane bocahe diajak turu bareng pli.. Lha mbasa tangi deleng bae raine.. Nek ayu berarti bener2 ayu.. Kayakuwe pli.

- Hahaa.. Kowe pancen gemblung plu.. Kenal be urung malah kon diajak turu bareng.. Mikirrr plu..

- Hahaa.. Kowe sing ora mikir.. Kadar turu bareng ya ora masalah.. Nek melek bareng lha masalah besar.. Mikirrr pli..

- Hahaa.. Gujiss gujiss..

Gajah dadi kodok..

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndongol maning..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Kowe kang ndi bae koh..

- Haha.. Sengaja plu.. ben pada kangen..
...
- Haha.. Rumangsamu ana sing kangen apa? Ora mungkin pli..

- Lho didunia ini semua serba mungkin plu..
Contone gajah bisa dadi kucing, bisa dadi kodok, bisa dadi bebek.. Wis pokoke bisa dadi apabae.. Ngandel ora kowe plu..

- Sing bener bae pli.. Ya ora mungkin lah..

- Mikire sing mandan cerdas ya plu.. Gyeh tek tidokna carane.. Nek kowe duwe gambar gajah.. Posting bae nang facebook.. Tambahi tulisan 'jal kiye kewan apa lur???' mesti ana sing ngarani kucing, kodok, bebek, tuma.. Iya mbok plu???

- Hahaha.. Bener pli.. Enyong dadi bingung pli.. Sing lengob sapa janjane???

- Hahaa.. Ya mbuh.. Tanyakan pada rumput yang bergoyang bae nganah.. Hahaa.. Gujiss...

Nemu duit

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..

- Pli kempli.. Lagi ngapa kowe??

- Kiye enyong lagi mumet plu.. Arep turu ora duwe duit... Arep jajan ora duwe kamar..

- Hahaa.. Kepriwe pli.. Wah parah kowe pli.. Kuwe jenenge utek mesum pli.. Apa utekmu kabele ana sing kewalik pli.....

- Hahaa.. Salah ya plu.. Maap plu.. Enyong lagi mumet ora duwe duit plu..

- Berarti padabae pli.. Enyong arep takon pli.. Nek kowe ujug2 dadi wong sugih rasane kepriwe pli?

- Kowe ora usah ngayal plu.. Kayane ora mungkin plu, kabeh sukses butuh proses..

- Ya mungkin bae lah.. Contone andaikata suatu misal umpamane kowe nemu duit semilyar.. Kira2 arep nggo ngapa pli??

- Hahaha.. Maen banget kayane plu.. Enyong kepengin mangkat kaji, tuku mobil mewah, umah mewah, pokoke apabae tek tuku.. Wong liwat be tek tuku.. Hahaa..

- Hahaa.. Apik pli.. Nek enyong beda maning pli.. Duite arep tek sebar nurut ndalan.. Ngonoh nggo sapabae sing kepengin..

- Hahaa.. Kowe gemblung plu.. Apa ora duwe keinginana kowe plu??

- Ya duwe lah.. .. Enyong engko gampang ngayal nemu duit maning, semilyar maning.. Hahaa..

- Hahaa.. Gujiss.. wong gemblung dirungokna..

Energi terbarukan

Hahaa.. Anamaning kiye guyonane kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Deneng ngalamun maning kowe.. Ana apa pli?

- Gyeh plu.. Enyong arep takon.. Siki nggolet bensin nang pom bensin, rekasa temen ya plu..
...
- Mulane kae jokowi direwangi mikir.. Kowe mbok mbiyen milih jokowi.. Melas pli presidene mumet..

- Haha.. Wis ben kon mikir dewek.. Salahe njago presiden.. Enyong mikir tuku beras be mumet.. Siki maning ketambahan bensin jare arep mundak regane.. Apa ora tambah mumet plu..

- Haha.. Bener pli.. Gyeh tek tidokna carane berhemat ben montormu irit bensin pli.. Enyong duwe penemuan anyar energi terbarukan pli.. Hahaa..

- Haha.. Kepriwe plu.. Aja terbarukan lah.. Jare elek plu.. Ganti bae terbaru nih ye.. Haha.. Terus kepriwe plu..

- Hahaa.. Cocok pli.. Gyeh pli.. Berdasarkan riset dan eksperimen sing wis tek jalani.. Banyu uyuh ternyata bisa nggo ngirit bensin pli..

- Kepriwe??.. Banyu uyuh plu.. Sing bener bae lah..

- Ora ngandel kowe yah.. Kowe ora ngerti kandungan sing nang njero uyuh sih.. Carane kayakiye pli.. Bensin dicampur banyu uyuh nganggo perbandingan 3 banding 1.. 3 liter bensin tambah seliter uyuh.. Mudeng pli??

- Lha terus hasile kepriwe plu..

- Alhamdulillah pli.. Biasane enyong tuku bensin 3 dina pisan.. Siki wis seminggu urung tuku bensin maning pli..

- Hebat banget kowe plu.. Tapi deneng wingi enyong weruh kowe numpak pit plu..

- Lha kuwe masalahe pli.. Siki montorku nang bengkel wis seminggu urung dadi..

- Hahaaa... Modyar kowe plu.. Uyuh campur bensin.. Bengkele ya gumoh.. Oalah.. Gujiss gujiss..

Numpak montor mabur

Hahaa.. Anamaning kiye guyonane kemplu karo kempli..
Ora lucu yo ben.. Haha..

- Pli kempli.. Lagi ngapa kowe pli..??

- Gyeh plu enyong arep takon.. Tapi kiye rahasia banget plu.. Aja nganti ana wong krungu ya plu..
...
- Takon apa pli.. Wis tenang bae.. ora usah rahasia2an karo enyong..

- Enyong arep takon.. Rasane numpak montor mabur sih kayangapa plu??

- Hahaa.. Klamite.. ujarku rahasia apa.. Jebule kur arep takon rasane numpak montor mabur..
Gyeh pli.. Kowe wis tau numpak dokar??

- Ya sering lah.. Apa rasane padabae ya plu??

- Ya beda banget... Dokar dipadakna montor mabur.. Mikirrr pli??

- Haha.. Asemm banget kowe luh.. Ndadak takon numpak dokar.. Gajul sisan.. Oya plu.. Saumpamane enyong kepengin numpak montor mabur, kowe bisa mbantu ora plu?? Enyong pengin plesir meng bali plu..

- Bisa banget pli.. Siki kowe duwe duit pira??

- 100ewu ya ana plu..

- Hahaa.. 100ewu ya mudune digajul kang nduwur.. Gyeh paling ora, kowe kudu duwe duit 2juta pli.. Nggo bolak balik..

- Seh seh.. larang yah plu.. tulunglah plu.. Enyong diutangi..

- Wis ora usah utang2an.. Siki kayakiye bae pli.. Kowe nunggu bae nang kene.. Engko nek ana montor mabur liwat.. Kowe melung2 pli.. MONTOR MABUR NJALUK DUITE.. ORA ULIH SOGOK SILITE.. hahaa..

- Hahaa.. Deneng kaya bocah cilik jaman gemiyen.. Oalah.. Gujiss gujiss..

Mas kawin.

Hahaa... anamaning kiye guyone kemplu karo kempli..

- Plu kemplu.. apa nek wong arep mbojo kudu sedia mas kawin..??

- Ya kudu.. tapi perlu rembugan disit karo calon bojomu pli.. ben ora reang..

- Kowe mbiyen apa kayakuwe plu??...

- Ya mesti.. kudu musyawarah disit.. mbiyen calon bojoku tek tawani.. 'cah ayu.. ngesuk mas kawine naluk apa?? kayakuwe pli..

- Lha terus njaluke apa plu??

- Njawabe kayakiye pli.. 'Mas.. aku or pengin werna werna.. aku pengin dadi istri solehah.. mas kawine cukup seperangkat alat solat bae.. sing penting ana quran, sajadah, mukena, tasbeh.. jan.. maen banget mbok pli??

- Ya gampang banget plu..

- Ya mesti.. Tapi berhubung enyong saking tresnane aring calon bojoku.. tek kon nyiapna karangan suwung sing amba pli..

- Arep nggo ngapa koh plu??

- Arep tek gawekna mesjid sisan pli.. hahaa..

- Hahahaha.. gemblunggg...

Aki soak..

Hahaa.. Anamaning kiye dabrulane kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Montormu kenangapa kuwe?? Rusak apa??

- Mbuh kiye koh plu.. Wis tek stater bola bali tapi ora gelem urip plu..
...
- Mungkin akine wis lemah pli.. Njaluk ganti..

- Haha.. Ngawur kowe luh.. Aki ya ora ana sing lemah.. Nek bata karo gndeng lha kae gawene sekang lemah.. Mikirrr plu..

- Seh seh.. Asem yah.. Maksudku kuwe akine wis sowak pli?!!! Njaluk diganti..!!

- Hahaaa.. Anamaning aki sowak.. Nek kertas lha bisa sowak..

- Gundulmu lah.. Kae sowek pli.. Udu sowak.. Pancen lambemu njaluk disowek sowek apa yah..
Maksudku kuwe akine wis rusak.. njaluk diganti.. Mudeng kowe pli???

- Hahaa.. Nah kayakuwe.. ngomong sing genah.. Ya ngeneh enyong di sebrangi duitmu 200ewu nggo tuku aki.. Ngsuk nek enyong wis duwe duit, tek ganti plu..

- Hahaa.. Tidak bisa pli.. Duit udu prau.. Ora bisa nyebrang..

- Hasemmm.. Mbales kowe yah.. Yawis nek pancen ora ulih disebrangi duite.. Enyong nyelang montormu bae plu.. Kiye penting plu..

- Hahaa.. Apa pli..?? Nyelang montor?? Hohoho.. tidak bisa.. Selang bolongane cilik.. Montor ora bisa mlebu selang pli.. Hahaa..

- Wis trah.. Ngomong karo wong gemblung ya melu gemblung.. Oalah.. Gujiss gujisss..

Jam dinding gemblung

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Langsung bae..

- Pli kempli.. Lagi ngapa kowe.. Deneng ndelengna jam dinding bae.. Arep lunga apa??

- Gyeh plu.. Enyong ora arep lunga.. Enyong lagi mikir.. Jamanku sekolah kayane gurune ana sing salah mulang lho plu..
...
- Salah kepriwe koh pli..

- Kae plu.. Delengna jam dinding.. 10 ditambah 3 hasile ora 13 plu.. Tapi 1.. Berarti gurune salah mbok??

- Hahaa.. Luput luput.. Duwe kanca pinterrr temen yah.. Gyeh pli.. Nang kene ana tukang tembel ban ora pli??

- Arep ngapa koh plu??

- Kayane utekmu perlu ditembel lho, kemungkinan utekmu bocor alus lho pli..

- Hahaa.. Aja kayakuwe plu.. Gyeh plu.. Enyong duwe pertanyaan angel plu.. Kenangapa jarum jam dinding muter2 terus plu??

- Ya gampang.. Masalahe batune tesih apik pli.. Dadine muter terus.. Ya mbokan??

- Salah plu.. Gyeh tek tidokna.. Kae jarum jam muter terus yah.. janjane anu lagi bingung.. mumet stress.. frustasi.. nggoleti angka 13 ora ketemu2.. Mulane muter2 terus.. Iya mbok???

- Hahaa.. jebule utekmu bocore mandan akeh pli.. Ujarku 1 tok.. Oalahhh gujiss.. Gujiss..

Kado nggo Presiden

Hahaa.. Anamaning kiye guyonane kemplu karo kempli..

- Pli kempli.. Gyeh tek kandani.. Tapi mandan rahasia.. Kowe aja crita2 ya..

- Rahasia apamaning plu..

- Enyong kan ngfans karo presiden SBY yah.. Lha siki mumpung SBY lagi ulang taun, enyong pengin aweh kado pli.. Misale enyong tuku kado rega 25ewu, kira2 wangun ora pli??...

- Hahaa.. 25 ewu ya mending nggo mbakso bae karo enyong plu.. Mikir lah plu..

- Yawis tulung pli.. enyong nyelang duitmu.. 100ewu bae pli..

- Hahaa.. Duit ora bisa diselang plu.. Kowe Kan ngomong dewek. Selang bolongane cilik.. Hahaa... Kawus..

- Asem kowe yah.. Enyong utang duitmu pli.. Mudengg???

- Haha.. Nah kayakuwe.. Sing genah nek ngomong.. Tapi maap plu.. Enyong ora duwe duit.. Utang aring liane bae plu..

- Pancen dasar kere kowe luh.. Diutangi 100 tok be ora duwe..

- Wah kowe ngajak sulaya plu.. Gyeh plu.. Jajal dipikir.. sebenere sapa sing kere.. Kowe apa enyong..?? Kowe nembung utang aring enyong.. Berarti kowe luwih kere plu.. Iya mbok??

- Hahaa.. Iya ding.. Maap pli..

- Yawis ora usah mikir tuku kado nggo presiden.. Kayane anu ora rame2 plu.. Paling among2 sega kluban endog seprapat tok..

- Hahaa.. Anamaning Presiden ulang taun among2 sega kluban.. Oalah gujiss gujiss..

Topi saya bundar

Hahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Ora lucu ora urus.. Hahaa..

- Pli kempli.. Gyeh tek kandani.. Enyong duwe pertanyaan angel bin sulit pli..

- Haha.. Sulit pitik apa plu.. Wis ora usah kakehan cengek.. Apa pertanyaane..??
...
- Haha.. Kiye tentang lagu bocah pli.. Ana satu lagu tapi 2 lirik.. Yakuwe topi saya bundar karo burung kakak tua.. Jajal bae ngonoh ditembangna.. Persis kan pli?? Nah menurutmu diantara 2 tembang kuwe, endi sing luwih disit pli??

- Waduh.. Pancen angel plu.. Kiye termasuk pelajaran sejarah sing ora tau dibahas nang sekolahan.. Gurune juga urung karuan ngerti plu.. Menurutmu endi disit plu?

- Siki kayakiye bae pli.. Engko mbengi kowe solat tahajud bae.. Jajal njaluk petunjuk pli.. Lha ngko nek kowe bar solat ngimpi sing metu gambar manuk.. Berarti burung kakak tua luwih disit.. Kayakuwe pli.. Mudeng mbok??

- Hahaa.. Enyong kon solat gara2 manuk karo topi.. Oalah biyuuung.. Saduk miring sisan kowe plu.. Berarti kowe ora ngerti juga plu??

- Ya ora.. Mulane enyong takon kowe... Hahaa.. Gyeh pli.. Ngsuk enyong arep menciptakan kombinasi lagu topi saya bundar karo burung kaka tua.. Judule BURUNG KAKAK BUNDAR.. Kira2 terkenal ora yah pli...

- Hahaa.. Ya mesti terkenal plu.. Terkenal gemblunge.. Hahaa gujiss gujiss..

Cerita Sedih

Kemplu karo kempli ndongol maning..
Siki crita sedih (sesuai pesanan)..

- Pli kempli.. Kowe kenangapa.. Kayonge mandan sedih temen..

- Iya kiye plu.. Enyong kan lagi golet bojo sing rajin ngibadah plu.. Lha wingi enyong nembe apel aring cewek ayu, ngalim anake pak kyai..
...
- Apik pli.. Enyong cocok kiye pli.. Terus kepriwe..

- Enyong meng umahe malah ketemu bapake.. Enyong ngomong.. 'Punten pak kyai.. Mba siti hofsoh onten??.. Lha kyaine malah takon ' siti sapa??? Kurang faseh.. Ulangi!! .. Ya tek ulangi plu.. Siti hofffsoh.. Jare tesih urung faseh bae.. Sedih banget enyong plu.. Enyong malah kon bali kon latian ngomong siti hofsoh sing faseh..

- Lha terus kepriwe pli..

- 3 dina enyong latian plu.. Karo gosok untu be tetep enyong latian terus plu, ora ketang karo muncrat2.. Demi cintaku pada siti hofsoh.. Lha Dina ke 4 enyong wis yakin bisa, enyong mangkat nembung maning aring ramane.. 'punten pak kyai.. kulo mpun latian 3 dinten.. siti kkhhhooffppffshokhh... onten pak kyai??

- Terus pak kyaine kepriwe pli?

- Tetep bae kurang faseh plu.. Jare 'kowe nyebut jeneng anakku tok be ora faseh.. apamaning maca qur'an.. Jal apa ora sedih banget enyong plu??

- Pancen menyedihkan pli.. Siki bali bae ayuh pli.. Nangis bareng..

- Ya ayuh plu.. Hik hik hik..

Syukur nikmat

Hahaa.. Anamaning kiye obrolane kemplu karo kempli..
Langsung bae..

- Plu kemplu.. Gyeh ngeneh.. enyong arep takon maning..

- Takon apamaning pli..??
...
- Gyeh plu.. Menurutmu wong urip sing apik kuwe sing kayangapa plu?

- Nek jarene kyai ya pli.. Wong sing maen kuwe wong sing semasa uripe bisa bermanfaat kanggo wong lia..

- Nek kayakuwe berarti kabeh wong ya bermanfaat ya plu?

- Lho bermanfaat sing kepriwe pli..

- Contone maling, copet, rampok Kae bermanfaat mbok??? Gara2 ana maling, dadi ana pos ronda, ana siskamling.. Polisi dadi duwe gawean.. Maen mbok plu??

- Waduh kowe salah paham pli..
Nek tek njelasna ora cukup seminggu pli.. Utekmu mandan kongslet kayane luh.. Hahaa.. Wis siki kayakiye bae pli.. Urip sing maen kuwe sing bisa mensyukuri apa sing wis diwei nang Gustialloh, sebab kabeh nek disukuri kuwe arep ditambah nikmate nang Gustialloh pli..

- Maksude kepriwe koh plu??

- Misale kowe ngesuk duwe bojo.. Apapun kondisi rumahtanggamu, kowe kudu tetep bersukur pli, percayalah tuhan akan memberi nikmat yang lebih pli..

- Berarti nek enyong duwe bojo terus bersukur, arep ditambah bojo siji maning ya plu??

- Hahaa.. Karepmu lah pli.. Enyong arep turu bae.. Ngomong karo bocah kepinteren malah gawe bludreg tok.. Oalah gujiss gujisss..

PDKT

Hahahaa.. Kemplu karo kempli ndabrul maning..
Langsung bae...
- Plu kemplu.. Gyeh ngeneh.. enyong arep takon masalah PDKT alias pendekatan karo cewek.. Menurutmu sing apik kepriwe plu?
- Hahaaa... Nek menurutku PDKT kuwe aja siji tok pli.. Tujuane nggo nggolet calon sing paling maen.. Ibarat golet emas ya kudu diayak.. Lha nek wis yakin.. kowe milih 1 bae sing dibojo, sing paling cocok..
- Apa ora bahaya plu? Misale duwe pacar akeh ya nggilani.. Bisa stress..
- Gyeh tek critani.. berdasarkan kitab ilmu PDKT, ben aman ora dadi reang, kabeh kuwe ana ilmu dan sarate pli.. Ora sembarangan..
- Sarate apabae plu..
- Sing pertama dan yang paling utama.. Haha.. kowe kudu pinter nglomboni.. Misale lagi berduaan.. Ujug2 ditelpon pacare sing siji, kowe ngomong bae lagi nang wc karo ngeden2.. Dijamin ora takon maning.. Hahaa..
- Haha.. Iya bener plu.. Terus sarat liane apa plu?
- Sing keloro.. Kowe kudu sugih.. Minimale ya nggawa montor sing gagah.. Masalahe akeh wong wadon luwih tertarik aring gawane daripada raine.. Iya mbok pli??
- Hahaa.. Setuju plu.. Terus Anamaning ora plu?
- Nah kiye sing terahir dan paling mutahir.. ora kalah pentinge.. Kowe kudu duwe panggilan sayang pli.. Contone yayang.. Bebeb.. Honey.. Sweety.. Kayakuwe pli..
- Maksude ben romantis apa plu??
- Tulih ujare sing wadon... Padahal salah pli.. Maksude nggo njagani kowe salah nyebut.. Jajal bae umpamane jenenge paijem diundang turiyem.. Mesti ngamuk mbok.. Hahaa.. Lha nek nyebut 'hai honey sayang.. Hahaa.. Aman pli..
- Hahaa.. Kowe pancen cerdas plu..
- Mulane nek ana cah wedon diundang honey, bebeb sweety.. kok malah seneng.. Hahaa.. Luput pli.. Ngalamat kelombon gareng...
- Hahaa.. untunge kowe wis tua ya plu..
- Huss.. Udu tua pli.. Tapi separuh baya.. Hahaa..
- Hahaa.. Iya cocok plu.. Separuh baya.. separuh ula.. Hahaa.. Gujiss gujisss..